Home / Budaya / Serat Kabar Kiyamat

Serat Kabar Kiyamat

capture-20130728-090619

PUPUH I ASMARADANA

  1. || Ingsun amiwiti amuji | anebut namaning Yang Sukma | kang murah ing dunya mangke | tembe asih ing ngaherat | kang pinuji tan pegat | angganjar wong kawlas ayun | angapura wong kang doasa ||
  2. || Milane kawula amuji | maring Allah ingkang mulya | panedhahena maneh ingong | angsala paring Allah | rahmat lan kanugrahan | den duduhena marga ayu | pinaringan sih ngapura ||
  3. || Sampune muji Yang Widi | amuji Nabi Muhammad | kelawan kawula margane | sahabat papat punika | kang dhihin Abubakar | Ngumar Ngusman puniku | Begendha Ngali Murthasar ||
  4. || Wonten pandhita linuwih | ucapen waspada paningal | rasakena surasane | kesod ngideri jagad | si picek amilang lintang | wong ngangsu pikulan banyu | ngamek damar obor-oboran ||
  5. || Si Cebol anggayuh langit | werangka manjing curiga | randhu alas mrambat pare | sawung kaluruk tengah segara | kuda ngerop ing ngawang-awang | si bisu atukang padu | tapake kuntul ngelayang||
  6. || Ana siti pinendhem sajrone bumi | banyu kelem sajrone tpya | perawan ayu rupane | tan kena pisah wong lanang | wrandha wurung peputra | takokena kalawan guru | welanjar durung akrama ||
  7. || Wonten papan tanpa tulis | sekar tunjung tanpa telaga | iya iku padha tunggale | tanggal sapisan kang purnama | bahita momot segara | jukung layar wonten gunung | pedhati ngambah segara ||
  8. || Kang awas pasemon puniki | aja sira kaliru tampa | terusena sejatine | sewu siji kang uninga | wong tuwa rasakena punika | pan akeh padha kaliru | aja tungkul turune mangan ||
  9. || Margane ana wong mukti | pernyata wijile wong tapa | amesu maring ragane | cegah turu lawan mangan | sarta sabar derana | tur weruh jatine ngilmu | hakekat lawan makripat ||
  10. || Sing sapa wani prihatin | du king anom kongsi tuwa | pesthi mumbul derajate | den sembah-sembah manira | jim setan pri prayangan | sedaya pan sami sujud | wedi asih kelawan sira ||
  11. || Tur pinaringan maring Yang Widi | maring Pangeran ingkang mulya | iya iku gedhe wilalate | berkate saking Pangeran | mulane sira katrima | iya iku jatine laku | minangka dadi embanan ||
  12. || Kang saweneh wong ngurip | kasengsem panggawe dunya | kapingin sugih ragane | wekasan saya melarat | sabarang den gayuh tuna | den cupet maring Yang Agung | sejatine kurang tapa ||
  13. || Jaluk sugih saya meskin | jaluk enak nemu lara | jatine kurang tapane | minta suwarga nemu neraka | iku sira awasena | nedha luhur dadi kajebur | nedha gesang dadi ilang ||
  14. || Pasiyanira Yang Widi | alanggeng tan kena owah | amesthi maring kawulane | tinulis ing tanganira | kang becik lawan kang ala | kang ngandhap kelawan luhur | wus pinesthi ing tanganira ||@@
  15. || Manusa kang pesthi becik | wiwitane saking tapa | amesu maring ragane | tan entheng sandhang lan pangan | permilane pinaringan | tulise tangan kang mujur | terus maring sukunira ||
  16. || Wekase ingkang anulis | padha sira rasakena | kang tuwa miwah kanga nom | yen nora laku mertapa | manusa tan pinaringan | gambare kalintang agung | iku sira ilingana ||
  17. || Wonten carita winarni | caritane kabar kiyamat | ingkang wau ginupita mangke | lan padha sira werudha | iki caritanira | weruhanira ing besuk | anom padha ilinga ||

PUPUH II S I N O M

  1. || Dhumawuh gaibing swara | eh bumi mengaa aglis | si kapir kang arsa ngrusak | iya maring kubur nabi | sira uleten sami | bumi beledhok amenga sampun | wus bolong sakiderira | angideri sakeh kapir | sami kalebu si kapir ngandhape pertala ||
  2. || Miwah sarajanira | Raja Hurmus lajeng angemasi | bumi anulya ngingkem | si kapir kalih lumayu | tiyang kalih kiwala | lumayu arebut dhingin | sedyanira amantuk maring wismanira ||
  3. || Si kapir sigra kepapak | kancanira kinen abali | yen Harmus sampun pejah | miwah sakancanireki | apan samya ing nguntal bumi | ing labdang pernahipun | kalebu bumi Madinah | pan wus mashur pawartaneki  | Negara kopar ing Mekah lawan Madinah ||
  4. || Wong Islam pan sami suka | sedaya sukuring Widi | nengena ingkang cinarita | agenti carita malih | dhatengipun Imam Mahdi | pan tetelu ngelamatipun | sawiji yen ana grahana wali-wali grahaneki | nuju wulan Ramelan ing waktunira ||
  5. || Sapisan tanggal telulas | kang kapindho patbelas malih | Imam Mahdi nulya mijil | wonten Mekah negari | anjujug ing negari | ing pernahe makamipun | Ibrahim Kalilullah | sanding Hajar Sawudi | umuripun Imam Mahdi kawandasa warsa ||
  6. || Wonten permaning Yang Sukma | Jabarail kang angering | pan sarwi ambekta bala | pan sami anitih turanggi | kawandasa ewu nenggih | pan Malaikat Mikail lan bala agung | ing Mekah kebekan | sakehe prajurit sami | suka-suka wong Mekah maring Sukma ||
  7. || Anengena ingkang winursita | kocapa si kapir prapti | wong loro nitih turangga | ing Hurmus ingkang negari | karine atur bekti | risake sang Raja Hurmus | miwah sabalanira | maring anak putuneki | tuwin bala kang kari wonten ing wisma ||
  8. || Kang samya ngepung sedaya | patine rajeng Hurmus aji | nulya wong sanegara | rembagan ngadegaken aji | anake rajeng Hurmus Negara | suyud wong sanagari | kumpul wadya tan ana kang malanga ||
  9. || Genti kang cinarita | mangsuli carita malih | Imam Mahdi awakira | wonten ing Mekah negari | wus kasebut ratu adil | Jabarail Mikail sampun | apan sarenga musna nira | ana dene Imam Mahdi | sipatira sarupane Nadi Adam ||
  10. || Anging dedegira pideksa | cahyane amindha sasi | wedananira ajembar | angrurih wedananeki | ajelirit alis kalih | apan kocak netranipun | wajanira gebyar-gebyar | kadi wajane jeng Nabi | janggutira angrompal kadi panutan ||
  11. || Lampahe sedina-dina | kaya lampahe jeng Nabi | salat miwah apuwasa | angabekti maring Yang Widi | apan sarene sami | kadi sarene jeng rasul | tuwin suyud manusa | kaya Jeng Sulaiman Nabi | lawan kaya sang Raja Askandar ||
  12. || Agemipun kangrasukan | apan ageme jeng nabi | agemipun dhestar | lan pedhang wasiyat nabi | lawan wonten malih | apan ageng kramatipun | agenge kekayon godhongan | saged wangsul ijo malih | bumi great apan dadi bumi mulya ||
  13. || Ana dene adegipun raja | Imam Mahdi genti kang nabi | tur dadi kalipatullah | ing Mekah gedhonge sami | kang isi retna adi | sedaya binuka sampun | pinariksakaken wadyabala | kang sumedya aprang sabil | lawan malih pekir meskin pinaringan ||
  14. || Meshure kang pawarta | ing Negara kanan lan kering | Ratu adil Imam Mahdi | pan sampun jumeneng aji | suyud kang manca negari | ing Masyrik lan Maqribipun | sakathahe bangsa Islam | dene wong kang bangsa kapir | dereng purun manut Imam Mahdi ||
  15. || Antara selaminira | wong Islam sukaning ati | anulya amireng Jawa | Imam Mahdi kabar sakid | yen Hurmus negari | apan wonten ratu agung | kakumpulane wong kopar | datan andarbeni agami | Imam Mahdi akarsa utusan ||
  16. || Amarintah prajuritira | sawidak ewu kang nitih | satus ewu kang dharat | angrasuk praboting jurit | dene kang dados tindhih | Alibasah namanipun | anate anglunasi karya | Alibasah yen ajurit | lawan nate ambanda para raja ||
  17. || Sigra budhal Alibasah | pan sarwi amundhi tulis | kang serat tunggul penantang | ingkang saking Imam Mahdi | ing marga datan winarni | Negara Hurmus sampun rawuh | kang wadya binekta sedaya | wonten sajroning negari | abusekan wong Hurmus sajroning kutha ||
  18. || Saking agenge kang Negara | rajane dereng miyarsi | sapraptane Alibasah | ing agalun-alun pan nuli | juju king sitihinggil | kang wadya kathah kang kantun Raja Hurmus Negara | siniweng wadya ing sitihinggil | samya pepek bupati lan para raja ||
  19. || Kagyat kang samya tumingal | caraka kang lagya prapta | sigra-sigra lampahira | Raja Hurmus ngandika aris | age sira tumingal nuli | undhangana caraka iku | gandhek nulya inggal | nimbali caraka ing prapti | canawisan ing kursi emas ||
  20. || Wus panggih nulya angunggah | Alibasah sarwi anglirik | pedhangira tinata | sigra maringaken tulis | Hurmus anyandhak aglis | kang serat tinampan sampun | bubukane kang serat | penget laying ingsun iki | tumeka iya maring pekenira ||
  21. || Lan malihe ta sira manuta | maring Yang Widi | manuta agama Islam | agamane kanjeng nabi | aja dadi cemering bumi | kumpulane para kupur | aja manut ing setan | manuta sarengat nabi | kang dinuta ya Mukhammad Rasulullah ||
  22. || Yen sira ora anuta | iya maring ing Yang Widi | lawan yen ora anuta | sarengat nabi linuwih | wong gawa laying iki | sun utus nugel gulumu | miwah angrusak pisan | negaranira Hurmus lawan malih | angrusak sakehe balanira ||
  23. || Setengah maca kang serat V Hurmus wedana lir metu Geni | kerot-kerot ingkang waja | inggal astanira kalih | serat nulya sinebit | Alibasah pan tinubruk | malumpat saking palinggihan | pedhangira wus tinarik | kang samya nangkil sedaya pan ngrebut yuda ||
  24. || Tan kawarna solahira | Alibasah gennya jurit | gegeripun apuyengan | wong kapir akeh kang mati | bala kang aneng wuri | sigra sami ngrebut purun | anulungi Alibasah | wong kapir sajrone puri | samya tulung iya masing ratunira ||
  25. || Awit nempuh ing yuda | panuju ing dina Kemis | marengi wulan Mukharam | ulnge Islam lan kapir | pan samya asilih ukih | pedhang panedhang asru | bedhil miwah kalantaka | tumbak keris samya agenti | datan kena ing ngetang kathahira kang pejah ||
  26. || Alibasah wus manengah | pangamukira lir bantheng kanin | Raja Hurmus pan tumingal | ningali saking sitihinggil | karepotan si kapir | pejah limangatus ewu | perjurit kang nitih kuda | apan sarwi den trajangi | wus tetela ningali Hurmus raja ||
  27. || Sigra lajeng buwang seray | ing negari kanan lan kering | tan kawarna lampahira | wong kapir akeh kang prapti | apan kadi jeladri | wong Islam karoban musuh | karepotan ing yuda | anulya upeksi | ing negari Mekah maring Imam Mahdi ||
  28. || Cinandhak ing lampahira | praptane atur upeksi | umatur saatur ira | miwiti malih | inggal Imam Mahdi | nulya angling yen mangkana karsaningsun | anuwun maring Pangeran | risake sekehe kapir | Raja Hurmus risake sabalanira ||
  29. || Si kapir suyud Imam Mahdi | wonten pitulunge Widi | si kapir pangamukira | samya sakancanireki | apan datan winarni | lamine aprang pupuh | wong Islam gawok tumingal | anyipta sajrone ati | yen gustine Imam Mahdi adadonga ||
  30. || Tan dangu ing risakira | wong kapir samya ngemasi | tan mawi arebut uning | ing Hurmus sampun agempur | risake tan mawi yuda | tan mawi aprang tandhing | sigra budhal caraka lir pucung kang warna ||

PUPUH III P U C U N G

  1. || Wus acundhuk caraka nulya umatur | wiwitan pan wekasan | Imam Mahdi Ratu Adil | lajeng suyud sigra maring Pangeran ||
  2. || Sigra parentah Imam Mahdi karsanipun | maring Hurmus Negara | para ratu samya ngiring | pra bupati hulubalang aneng ngarsa ||
  3. || Nulya nitih Imam Mahdi kuda mulus | rina suk sedaya | ageing wasiyat nabi | nulya budhal ing marga datan winarna ||
  4. || Imam Mahdi ing Hurmus pan sampun rawuh | sigra Alibasah | amethuk maring sang raja | wus acundhuk Imam Mahdi jujukira ||
  5. || Ing korine wismanira Raja Hurmus | sampun ginuciyat | pitulingira sami | Raja Hurmus ning jro sabalanira ||
  6. || Imam Mahdi nulya tekbir kaping telu | saben-saben lawang | tinakbiran Imam Mahdi | lawang pitu bubrah sakuncine pisan ||
  7. || Nulya manjing Imam Mahdi maring kedhatun | Raja Hurmus sigra | amathuk sabalaneki | datan kelar raja Hurmus yudanira ||
  8. || Balanira raja Hurmus sampun lebur | nulya Hurmus raja | cinekel tan bias budi | sigra narik Alibasah pedhangira ||
  9. || Wus ingidanan Alibasah kinen anempuh | janggane pinedhang | Raja Hurmus wus ngemasi | pan jinarah isen-isen Negara ||
  10. || Wus ingedum Imam Mahdi jarahanipun | maring bala sedaya | weradin pan ageng alit | milang derajat kang wadyabala ||
  11. || Sekarine wong kapir pan sampun lampus | apan winuruk dhahadat | kalimat kalih | pan sahadat Mukhammad Rasulullah ||
  12. || sampun wrata manut agama rasul | apan data nana | Negara kang malang siji | ngetan ngulon ngalor ngidul datan ana ||
  13. || Tan kawarna lamine Imam Mahdi iku | ning Hurmus Negara | arsa kundur Imam Mahdi | ing Negara Mekah pan sampun nulya ||
  14. || Apan sampun Imam Mahdi karsanipun | kang ginawe raja | gentine Raja Hurmus | datan liyan saking anak putunira ||
  15. || Sigra budhal Imam Mahdi balanipun | angering sedaya | untabe kadya jeladri | tan kawarna ing Mekah wus prapta ||
  16. || Angadhatun Imam Mahdi arsa mundhut | sagunge kang dhaharan | dhaharan kang adi-adi | wus bakti sagunge bala para raja ||
  17. || Samya suka sedaya ing tyasipun | kang wadya sedaya | dyat menangi Ratu Adil | bumi jengkar pereng-pereng samya arja ||
  18. || Pan wus mashur ing negari liyanipun | mashure tan ana wong cilik kurang bukti | napa malih Negara pan nora kurang ||
  19. || Pan malihe data nana susahipun | saking arjanira | tan ana kang laku maling | nyebrot ngutil ngampak begal tan ana ||
  20. || Ing penggawe kang laku dursila lacut | sayekti tan ana | yen ana nuli ngemasi | awit saking katrimane donganira ||
  21. || Pandungane Imam Mahdi saben dalu | selametipun ing Negara | aja na laku silib | permilane laku dursila sami salat ||
  22. || Akeh uwong asalat arebut dhucung | saben-saben desa | sami ngadekaken omah mesjid | pan sedaya sami salat bar jumungah ||
  23. || Para ngulama lelangkung mukti setuhu | apan wus kacetha | ngulama pan dadi kekasih | kekasihe ratu adil waliyullah ||
  24. || Para Ratu ing Negara liyanipun | dadi tunggulira | tunggule sakehe mukmin | pan minangka kagentine Imam Mahdi ||
  25. || Pan wrata wedala bumi kelangkung | miwah cukulan | wowohan sami dadi | sakehe wong data nana pajekira ||
  26. || Kang minangka pekahira para ratu | tuwin para ngulama | pekir miskin sami | wedalira jakat pitrah ana manusa ||
  27. || Mila arja sekeh desa gunung-gunung | jurang ora-ora alas | sedaya dipun wismani | sungil-sungil ereng-ereng wismanan ||
  28. || Ilinipun kang toya bumi lumintu | apan datan pegat | tanduranira wong cilik | saben taun tan ana kang ora medhal ||
  29. || Jumeneng Imam Mahdi pesthinipun | kawan dasa warsa | lamine jumeneng aji | anulya ana ratu utusanira Yang Sukma ||
  30. || Sarena prapta utusan anulya cundhuk | tan kena winicara | ngaibira Imam Mahdi | wong kang Islam rumangsa akhir ing jaman ||
  31. || Nulya dhateng musibat Yang Agung | wetunira Dajal | apan sampun den luari | jujukipun saking sarsane Negara ||
  32. || Wonten kol sawiji caritane puniku | wetunira Dajal | anjujuk anataraneki | antarane ing Ngesam kelawan Ngirak ||
  33. || Dene kol kang muktamat jujukipun wetunira Dajal | anjujuk Negara Hursin | akol kang manut lakune Dajal ||
  34. || Kaum Yahudi aranira kang manut | lakunira Dajal | apansamya ahli sikhir | pira-pira kaum anut ing Dajal ||
  35. || Ing Negara Labuh Agin sampun mashur | Atas Angin Sam | mashur ingkang Dajali | yen wus luwar saking gunung Kap ||
  36. || Abusik sekehe manuseku | ing Negara bawah wetan | ing Masyrik mangulon mahtrib | wetunira Dajal pinaringan kuwasa ||
  37. || Kuwasane Dajal ing kiwinapun | mawi ana suwara | kadi bleduk swaraneki | ingkang kanan mawi ana kadi kilat ||
  38. || Lawan malih petakipun sang Dajalu | kadi Gusti Hamzah akeh wong kang datan ilining | penyanane langit pitu sami rebah ||
  39. ||Lawan malih ingkang samya atut pungkur | anak saking jin | sedaya sami tut wuri | bektanipun sarupane tetabuhan ||
  40. || Kang saweneh pitung puluh ewu tambur | lawan kang saweneh | pitung ewu sruni | lawan malih pitung ewu kendhang ||
  41. || Lawan malih pitung puluh ewu angklung | bendhe kanthinira | selawan parestira pan samya | pitung puluh ewu ikut kathahira ||
  42. || Gamelanipun samya mitung puluh ewu | binekta sedaya | pusur kelawan thing-thonggrit | thora gotha suling sami kathahira ||
  43. || Lawan malih anak jin bektinipun | prabotipun aprang pitung puluh ewu bedhil | semalihe pitung puluh ewu tumbak ||
  44. || Kang kendhang gong sami pitung puluh ewu | pedhang bendhe kelewang | telebung grijalan linggis | kudhi pacul wadung pethel towak tatah ||
  45. || Kathahipun samya pitung puluh ewu | prabotira aprang | ning ngarsane sang Dajali | tetabuhaning wurine Dajal laknat ||
  46. || Ana dene tungganganipun Dajalu | apan warnane Bipal | agenge pan kadi wukir | dawanipun apan satus ewu asta ||
  47. || Lawan malih wolulas asta punjulipun | dene agengira | pitungatus asta nenggih | sikilipun kiwa warna selaka ||
  48. || Bathukipun kang Bipa mawi sungu | sungunira apanjang | ula | kalabang | kalajengking | sami metu saking sungu nira Bipal ||
  49. || Lawan malih kang Bipal busananipun | panawa retna | inten mutyara marjani | yen dinulu gebyar-gebyar kadi kilat ||
  50. || Kapane kang Bipal winehan sami sampun | prabotipun aprang | panah towak lawan lembing | kere jemparing kang aning luhur turangga ||
  51. || Sakehe uwong ing Hurmus akeh kanga nut | ing Ngesam lawan Ngerak | akeh sami tut wuri | saking ajrihe ningali sayaktine Dajal ||
  52. || Permilane balane tan kena ngitung | saking kathahira | Negara kang dipun encik | samya manut saking ajrihe pinejahan ||
  53. || Sigra budhal ingkang sinadya ing kayun | ing Negara Mekah | tetabuhan sareng muni | mriyrmipun apan sareng ungelira ||
  54. || Swaranipun apan kadi langit rubuh | gunjing bumi prakampa | prakampane geludhug barengi | beledheg thathit sareng gebyarira ||
  55. || Ponang Dajal nitih Bipal kadi gunung | jenggareng kadya arga | galadhug kilat lan thathit | pating gelebyar ||
  56. || Mawi tulis bathukipun | tur sira cetha | muni kapir ,alengun | maknanipun kapir pinaringan laknat ||
  57. || Lawan malih pitnahipun sang Dajal | apan pitung warna | minangka dadi piranti | dadya godha sekeh manusa ||
  58. || Pitenah awal asru ngucap si Dajalu | sira wetokena | gedhong emas ingsun iki | winetokaken | gedhong isi emas mubyar ||
  59. || Pitenah sami sang Dajalu nyipta gunung | gunungipun emas | lan selaka warna kalih | luhuripun ing arga isi panganan ||
  60. || Sarupane  wowohan ana ing gunung | sekul ulam adi-adi | mawi tarub-tarubanipun inggih emas ||
  61. || Lawan malih luhure gunung mili banyu | beninge kalintang | rasane lir madu gendhis | mubeng-mubeng kang toya ngubengi arga ||
  62. || Lawan malih ana ing ngisore tarub | apan ana kursi emas | bangku emas pan rinujit | pakunipun sedaya intan emas ||
  63. || Sarwi undhang sang Dajal ingundhangipun | eh sekeh manusa | padha ngidhep maring mami | ingsun iki Pangeran kang nyata ||
  64. || Yen wus ngidhep lanang wadon maring ingsun | lah munggaha | gunung malebu gedhong wesi | iya kang dadi cawisanira ||
  65. || Lamun ora padha ngicep maring ingsun | sayekti sira sun rusak | pan ingsun Pangeran yekti | wong tan iman denyana iku Pangeran ||
  66. || Mula kathah wong kanga nut maring Dajal | kadya upamane | tawon ngisep sekar wangi | sami brubul kadi laron mangsa jawah ||
  67. || Saben-saben ngancik Negara ingundhangipun | sami undhangira | panganggunira ing Yang Widhi | yen tan manut manusa nulya pinedhang ||
  68. || Setuhune wong pinedhang iku | sayektine nyata | tan gingsir imanireki | yata trah megatruh netepi iman||

PUPUH IV M E G T R U H

  1. || Pitenahipun ping telu si Dajal | anyipta udan warih | langit nulya gumuludhug | udanipun riwis-riwis | cecukulan bumi ayom ||
  2. || Lan malih sato kewan lemu=lemu | amangan cukulan bumi | pitnah sekawanipun | bisa marasaken wong tuli | belang picek ciker dhegol ||
  3. || Ing sabrang lara pan samya katur kang Dajal sigra damoni | nulya waras laranipun | lan bisa nguripaken wong mati | nanging uripe liniron ||
  4. || Liniron setan kang ginawe liru | pengrasane kang ningali | yen wong kapir ucapipun | tuhu Pangeran sayekti | lan wong Islam tan piyados ||
  5. || Lan malihe wong kapir sami nenuwun | uripe wong tuwaneki | sang Dajal nulya anyeluk | wong tuwanira si kapir | apan lajeng amergogok ||
  6. || Iya setan kang ginawe liru | maring wong tuwane kapir | pan sarwi celuk-celuk | eh angger nebuta | samya iku Pangeran sayektos ||
  7. || Sigra nebut wong kapir apan kemrusuk | manut wong tuwanireki | dhatengipun kadi sulung | yen wong tuwane urip | apan sarwi amergogok ||
  8. || Dene wong Islam iku dadi kupur | manut lakune Dajal | yen wong kedhik imanipun | alah kudu kapingin | ajrih lamun kinethok ||
  9. || Dene wong kapir maksig ngandel imanipun | apan tan wedi ing pati | tan kapingin ting pelancur | wonten kapingin malih | sekul ulam adi nunyos ||
  10. || Pitenah malih kaping limalas iku | si Dajala yen ana peksi | ing tawang pan iberipun | sang Dajal nulya ningali | peksi runtuh ting taledhok ||
  11. || Sigra peksi sinembeleh sigra binubut | ginoreng nulya binukti | kang peksi ginethak mabur | wong kapir samya ningali | sedaya sami anjambelong ||
  12. || Pitenah malih kaping nem si Dajal | yen ningali maring wong muslim | sarwi ngucap si Dajalu | eh muslim nebuta sami | ingsun iki Pangeran yektos ||
  13. || Yen wong Islam kinen nebut datan purun | nulya cinekel aglis | lambene ginraji sampun | tugel bet lambene kalih | wong Islam anulya mincos ||
  14. || Wonten malih wong Islam kang dereng pinerung | sang Dajal angucap malih | eh Islam tingalana ingsun | kudratipun angluwihi | bisa nguripaken uwong ||
  15. || Lawan malih ingsun bisa gawe lampus | nulya nyandhak wong sawiji | apan kinarya lampus asru angucap sang Dajali | tingalana awak ingwang || (o)
  16. || Nulya malih sang Dajal amandhek gupuh | maring si kapir sawiji | apan kinarya lampus | wujud papat kalih | kang sawiji ginugah alon ||
  17. || Wus delalah panglulunira Yang Agung | sang Dajal pan denturuti | nulya nangikaken sampun | Gusti Allah maring si kapir | kang mati nulya lenggah ||
  18. || Alon ngucap wong Islam maring Dajalu | kang nguripaken wong mati | sayaktinira Yang Sukma Agung | kang karya bumi lan langit | yen sira yektine goroh ||@@
  19. || Aglis cinandhak wong Islam maring Dajalu | anulya pinedhang aglis | panjangga pan wus rampung wong Islam pan sampun ngemasi |iya iku wong Islam sayektos ||
  20. || Asru ngucap sang Dajal maring si kupur | aja nasak maring mami | ya ingsun Pangeran satuhu | nulya matur si kapir | estu boten awaking-wang ||
  21. || Pan saestu paduka Pangeran Kang Agung | kumala boten sakmenir | punang Dajal asru gumuyu | dene bungahe kang ati | denaku Pangeran wong ||
  22. || Lawan malih pitenah kang kaping pitu | sang Dajal anyipya aglis | swarga nerakkanipun | wonten kanan kiring suwargane mencorong ||
  23. || Pan neraka wonten ing kiwanipun | geni mubal angajrihi | agengipun pan sagunung | gumeter kang samya ningali | sekeh uwong samya derodhog ||
  24. || Dene swarga kang minangka lainipun | wong wadon kang ayu luwih | minangka widadarinipun | penganggone widadari | mas inten pating pencorong ||
  25. || Kang kinarya swarga emas murub | sajroning swarga mawi | pepajangan inten murub | warnane lir panggungan inggil | kursinipun emas kinaot ||
  26. || Jru swarga ana rupa bapa biyung | tan samya alinggih | sarwi ngajak celuk-celuk | lanang wadon den celuki | eh ta anak putu ingwang ||
  27. || Becik padha manuta maring ingsun | mungguh maring swargi | yen sira pan nora manut | karsane Pangeran mami | linebokaken neraka umob ||
  28. || Permilane akeh wong kang sarwi anut | pengrasane swarga yekti | lebune pan kadi sulung | nora weruh yen prihatin | manusa pan sami mogok ||
  29. || Apan ana manusa mogok ginempur | maring jrone geni | awakira ajur luluh | anging mangkana kang becik | dadi wong Islam kinaot ||
  30. || Mider-mider Dajal ngalor ngidul | Masyrik tumeka ing Mahtrip | pepitu pitenahipun | kabekta wira-wiri Negara kang denencik larot ||
  31. ||Dene Dajal kang sinadya rumuhun | marinng Kabatullahi delalah sinung Yang agung | angingokaken sang Dajali | mila lampahe  amenggok ||
  32. || Negara ingkang tan kambah Dajalu | Negara dunyeki | pan sekawan cacahipun | ing Mekah lawan Medinah | Betal Mukadas hurthusi kinaot ||
  33. || Pramilane negari sekawan iku | boten kambah maring Dajali | awit karsanira Yang Agung | Negara katingal warih | lan malaikat akeh rawuh ||
  34. || Nulya mogok Sang Dajal maring Negara Babul | kepanggih lan Nabi Hidhir | sang Dajal asru amuwus | ingsun iki Rabulngalamin | Nabi Hidhir sumahur mekos ||
  35. || Apan dulu sira iku Yang Agung | geroh temen sireki | dene sira sang Dajalu | ketara metu mundhir | sang Dajal asru prang pupuh ||
  36. || Sigra ngrasuk sang Dajal maring Nabi Hidhir iku | tetandhing angrubut wani | angatak balane angerob ||
  37. || Nabi Hidhir kinerubut wong sadunyeku | ngiwut Nabi Hidhir | pedhang ginawe ngamuk | keh mati balane Dajal | kang getih sampun ngrobyok ||
  38. || Sareng perang tetabuhan muni umyung | mriyem kelawan bedhil sami sareng ungelipun | kaya rubuhing wiyati | kadi bumi sapta resol ||
  39. || Apan datan ketara ing kalongipun | saking kehe balane Dajali | Nbai Hidhir mongur-mongur | saking kehe ingkang getih | sigra Jeng Nabi sinosok ||
  40. || Karepotan Jeng Nabi Hidhir prangipun | wong siji musuh sabumi | nulya seda Jeng Nabi iku | Gusti Allah gesangaken malih | sadina-dina mangkana ||
  41. || Sigra mundur sang Dajal sabalanipun | ngunduri Bagendha Hidhir | pan tan kena den musuh | wong mati bisa urip malih | mila sang Dajal melarot ||
  42. || Nulya pisah Nabi Hidhir inggonipun | pan sampun awas ing ngilmi | kang mateni Dajal iku | Nabi Ngisa kang mateni | mila apisah ing ngenggon ||
  43. || Wonten kadis awit saking Kangjeng Rasul | angendika Kangjeng Nabi | yen ana umat ingsun | amenangi pitenah Dajali | surat Kahpi dipun waos ||
  44. || Munpangati apan selamet pitenahipun | pitenahe sang Dajali | nengena kadis Jeng Rasul | genti carita malih | sang Dajal pitnahe mogok ||
  45. || Sakarine wong Islam kang dereng lampus | dereng kena ing piranti | anulya sami lumayu | angungsi Mekah negari | aseba Imam Mahdi kaot ||
  46. || Sampun cundhuk wong Islam kang lumayu | apanggih lan Imam Mahdi | sigra Imam Mahdi gupuh | cawis praboting jurit | medal saking kedhaton ||
  47. || Sampun ngumpul wong Islam nulya laju | wonten Betal Mukadasi | Imam Mahdi tunggulipun | nitih kuda rinukmi | sedaya pan sami ngatos ||
  48. || Genti sang Dajal ingederipun | angideri jagat Masyrik | ing Mastrib mangulonipun | nulya wonten kabar yakin | Betal Mukadasi baris ngerompol ||
  49. || Sampul medal saking negari kumpul | Jeng Nabi Betal Mukadasi | ora-ora kadya mendhung | tunggulira Imam Mahdi | sang Dajal anulya bedhol ||
  50. || Kebut lampit dalane sang Dajal | apan tan kena winilis | sadina-dina arawuh | ing marga tan winarni | meh prapta gambuh sang katong ||

PUPUH V G A M B U H

  1. || Gambuh kantun lakon pitung dalu | sang Dajal lan barisipun | Imam Mahdi kelawan sebalaneki | punika wong Islam agupuh | barise tan kena moncol ||
  2. || Akathah wong Islam rawuh | tan kena wau ingitung | langkung kathah gegamanira jurit | mriyem gada ageng-ageng | wong Islam sumadya lampus ||
  3. || Tan adangu nulya ngrungu | wong Islam swara gumludhug | apan kadya swarane mriyem sakethi | mawi goro-goro pating jalagur | saya celek pan meh rawuh ||
  4. || Eler kilen pernahipun suraking muni gumludhug | iya saking barisan Imam Mahdi | pan wus ngrungu ugelipun | tabuhan umyang gurawuh ||
  5. || Wong Islam awas tingale wau | dhatengipun sang Dajalu | mawi gunung lumaris kekalih | kang siji warna mas murub | siji rupane geni marong ||
  6. || Ana dene kang rupa geni iku | kang minangka nerakanipun | ingkang rupa mas mencorong anelahi | minangka sywarganipun | pitnahe Dajal kinaot ||
  7. || Mawi gara-gara gumludhug | beledhek ana kanan kerinipun ingkang kilat ana ing kiwanirike | sarta riyat-riyut | peksi ngawang guliting teledhok ||
  8. || Sigra ngatak balanipun | Imam Mahdi nulya ngrasuk | busana piturun saking pra nabi | sartane nitih kuda mulus | amundhi gada amoncol ||
  9. || Dene gadanipun | Imam Mahdi apan piturun | wasiyat saking Gusti Bagendha Hamzahi | sarta lan tamengipun | miwah panah pedhang indhong ||
  10. || Dene songsongipun | Imam Mahdi apan tundha pitu | song song gelap tunggul naga emas adi | kang kinarya piturunipun | inten sumeja kinaot ||
  11. || Apan mawi genti sewu | kang teturun songsingipun | Wong Agung Begendha | Hamzahi | ing nalika andon pupuh | swarane lir segara erob ||
  12. || Wong Islam ing rakitipun | sedaya kang ngagem gada iku | apan kadya rakite Imam Mahdi | sarwi nitih kuda sampun | songsongipun sami denbabar ||
  13. || Awetara kathahipun | wong Islam kang badhe magut | aprang kapir melangun | kang bangsa kadi puniku | rong kethi kathahe uwong ||
  14. || Dene bangsa mriyemipun | limang leksa kepara langkung | sedayane apan tan kena winilis | atembak pan kadya mendhung | nulya sang Dajal gennya rawuh |v
  15. || Sigra lajeng anempuh | wong Islam kang lan wong kapir sampun | apa sareng muni | gumludhug swaranipun | kadya bledheg sakethi miyos ||
  16. || Sang Dajal iku | ngedalaken kasektenipun | sigra medal gumludhug kilat lan thathit | seleret pan siyat siyut | dhedhet pedhut udan angob ||
  17. || Wong Islam sampun kinepung | papat datan kena ucul | saking kehe balane sang Dajal | bala sadunyeku | mila ngepung datan mrojol ||
  18. || Sigra Imam Mahdi nempuh | manengah asru amupuh | mobat-mabit pangamuk keh ambeg pati | miwah sabalanipun | kang bangsa kadi mangkana ||
  19. || Miwah bangsa tumbak sampun | pedhang keris pan sami caruk | bedhil mriyem pan sami unineki | suwarane lir gunung rubuh | bumi sapta pating balendhos ||
  20. || Riwut pangamukipun | Islam kapir sami urun | Imam Mahdi pedhang kangkam wus tinarik | medhang sapisan oleh wong satus ||
  21. || Lepasing panah luwih asru | manah sapisan oleh pitung puluh | apan bangke susun tindih | pan sampun samodra marus | sang Dajal pan maksih adoh ||
  22. || Saking kathahe kang rawuh | bala kapir aneng ngarepipun | ning ngarepe sang Dajal laknatullahi | sang Dajal maksih mangkruk-mangkruk | ing luhure Bipal kaot ||
  23. || Imam Mahdi awas andulu | yen sang Dajal maksih aning luhur | ing luhure kekapane sang Bipali | arembug sabalanipun | kang tut wuri maring sang katong ||
  24. || Antara kari limang ewu | bangsa gada ingkang tut pungkur | sadina sami pisah prangneki | arembag arsa katemu | maring si Dajal prang pupuh ||
  25. || Ora nana wekanipun | yen awet mangkana kongsi rong taun | nulya anader Imam Mahdi sebalaneki | wus panggih lawan Dajal | Imam Mahdi nulya mupuh ||
  26. || Prajurite limang ewu | samya mupuh maring Dajal | datan busik si Dajal maksih nadhahi | sigra narik pedhangipun | Imam Mahdi nulya nempuh ||
  27. || Katuju kupingipun | sang Bipal seru panjeratipun | apan kebat sang Dajal sarwi ngucap bengis | eh pedhangmu iku ampuh | ora nana kaya mangkana ||
  28. || Sampun kasaput ing dalu | awiting prang awit tanggal pitu | sadina aprang rina wengi | sami sayah nulya mundur | Imam Mahdi balane bedhol ||
  29. || Maring punekwanipun | sakarine prajurit ingkang lampus | sami sedalu aguneman catur | mangkana anut karsane Imam Mahdi | ingkang arsa melorot ||
  30. || Mring Betal Mukadas iku | arsa dedonga maring Yang Agung | datan kena sang Dajal linawan jurit | pan wus takdire  pan wus takdire Yang Agung | Nabi Ngisa ingkang mungsuh ||
  31. || Dene panuwunipun | si Dajal nuntena lebur | sareng injang Imam Mahdi wus lumaris | datan kawarna wau | Betal Mukadas wus rawuh ||
  32. || Sigra wau sang Dajal | angliwati lampah Imam Mahdi | sampun prapta wonten Betal Mukadasi | nulya katinggal telaga agung | sang Dajal wangsul gupuh ||
  33. || Tan winarna wangsulipun | Imam Mahdi kumpul | wonten mesjid ing Betal Mukadasi | sami nenedha ing Yang Agung | nulya ana suwara miyos ||
  34. || Eh wong Islam sedarum | aja sira prihatin kelangkung | nulya ana pitulungira Yang Widi | Imam Mahdi sebalanipun | samya bungah asru kinaot ||
  35. || Sedaya pan sami suka sedarum | genti pangandikanira Yang Agung | angandika maring malaikat Jabarail | eh Jabarail sira den gupuh | dhawuhana maring ngisa kinaot ||
  36. || Sigra Malaikat Jabarail tumurun | maring langit rabingatu | wus tetemu Nabi Ngisa Rukullahi | nulya salaman sampun | Nabi Ngisa sigra gupuh ||
  37. || Nulya Jabarail rawuh | dhawuhaken salaaming Yang Agung | asru nuwun Nabi Ngisa | ing ngaturneki | lan malih ing dhawuhipun | sira age kinen miyos ||
  38. || Ing dunya bedhe musuh | marang Dajal laknatullahu | sigra tumurun Nabi Ngisa maring bumi | Damusik ing jujukipun | sawetane Negara Kana ||
  39. || Ana menarapipun | putih warnane kadi panggung | gih punika jujuke Nabi Ngisaki | ing jro nulya sujud | anuwun maring Yang Manon ||
  40. || Dene panuwunipun | Nabi Ngisa keparinganan batur | tan antara pitung puluh ewu prapti | malaikat padha dhestar iju | saweneh pethak merusuh ||
  41. || Kang saweneh agemnipun | malaikat ngagem dhestar wungu | kang saweneh ana ngagem dhestar kuning | saweneh ana ngagem dhestar wulung | koncere pating celorot ||
  42. || Sami nitih kuda sampun | miwah prabite rinasuk | tuwin prabote prang rinakit | jambe apedhang lan kesthul | panah tameng lawan indhong ||
  43. || Sakarine Nabi Ngiseku  angrasuk busana ing prang pupuh  pedhang peturun saking suwargi  anelahi jayanipun  lir wulan purnama wutuh
  44. || Sigra anitih sampun | kuda cemeng ulete tumulus | nulya budhal maring Negara Naeki | sakehe malaikat sampun | angering nabi kinaot ||
  45. || Ing marga datan winuwus | Nabi Ngisa pan sampun rawuh | ana Negara Naeki | bumine suci | kapernah ler kilenipun | ing Betal Mukadas tinon ||
  46. || Anjujug ing mesjidipun | ing Naeki nuju waktu subuh | samya salat sekehe wong ning jroning masjid | sarwi mambu ganda arum | gandane nabi kinaot ||
  47. || Wong ngalim Naeki sampun | samya bungah mambu ganda arum | Nabi Ngisa kang minangka rokhullahi | apan samya tetemu | wong ngalim pan samya gupoh ||
  48. || Sarwi ebat andulu | Kathahe bala kang rawuh | balanipun Nabi Ngisa kang linuwih | kaya dudu manuseku | tandha cahyane mencorong ||
  49. || Akeh wong Islam kang rawuh | wus ngrungu Nabi Ngisa tumurun | iya saking pitulungira Yang Widi | pan samya rebut dhucung | sumedya nuli caos ||
  50. || Ing Negara liyanipun | ingkang maring gunung-gunung | sekarine wong Islam tan kena mati | miwah sekarine kang lampus | acaos apan sarwi gupuh ||
  51. || Sigra budhal Nabi Ngiseku | miwah sabalanipun | sami ngrasuk busana kaprabon jurit | sarwi nitih kuda sampun | amethuk Dajal sinedya ||
  52. || Tan kawarna ing wau | kocapa sang Dajal weruh | Nabi Ngisa wus tumurun aning bumi | pertanda gandanipun arum | ingiring sang Dajal kinepung ||
  53. || Sigra sang Dajal lumayu | awit saking wedine linebur | wus rumangsa Nabi Ngisa kang mateni | mila ajrihe kelangkung | lumayu balane sedaya ||
  54. || Nabi Ngisa wus ngrungu | sang Dajal asru lumayu | sigra ngerapaken kuda sebalanarineki | tan kecandak lampahipun | Nabi Ngisa nulya mogok ||
  55. || Sarwi ngandika asru | maring bumi kang kamargen Dajal | eh sang bumi sira cekela den aglis | si Dajal aja kongsi ucul | sigra bumi nyekel kukuh ||
  56. || Sang Dajal nulya rubuh | kadi rubuhe kang gunung | asru kagya sakehe wong kang miyarsi | sang Dajal nulya lampus | gumludhug lemah kalong ||
  57. || Nabi Ngisa ayun weruh | suwara kadi gunung rubuh | sigra ngerapaken kuda sabalaneki | tan dangu nulya rawuh | Bipal sang Dajal lampus ||
  58. || Mati satungganganipun | Nabi Ngisa suka kelangkung | miwah para malaikat samya ningali | dene balane Dajal | kadi kang peksi ginepok ||

PUPUH VI DHANDHANGGULA

  1. || Rebut dhucung balane sang Dajal | sarwi ngungsi aning nginggiling arga | miwah aning ngalas gedhe | wong kang samya lumayu | kang ingungsinan ika | tuwin aning gunung iku | pan sarwi bisa ngucap | nulya tedhak kang samya angulari | ing kene gonira ||
  2. || Nengena wong Islam sami angulari | maring kapir laknatullah | kang ngungsi ing ngalas gedhe | kocapa sang Dajal | ing nalika patinireki | saking karsane Sukma | linebokaken sampun | ing telenge bintal | dadi dhasar ika ing sakehe wong kapir | wus langgeng aning neraka ||
  3. || Sakehe  Islam kang samya ngulari | maring kapir kepanggih aning wana | miwah ing gunung-gunung sigra samya linampus | sekeh kapir jalu lan estri | jurang ereng-ereng ngarga | kebak bangke kupur | ambetipun belarungan | tan dangu bangke katuting warih | saking permaning Sukma ||
  4. || Wangsul maring gustine Ngiseki | iya maring Betal Mukadas | ingiring sekeh balane | siji Tanana kantun | samya anut lampahe Jeng Nabi | ing marga datan winarna | ing betal wus rawuh | Mukadas ingkang mulya | angedhatun Nabi Ngisa sabalaneki | wonten ing Mukadas ||
  5. || Angandika Nabi Ngiseku singgih | maring sekehe kawulanira | wruhanira sekabehe | ingsun santuni agama rasul | minangka umate Nabi | Muhammad Niyakaningrat | padha sira mituhu | pan gedhe ganjaranira | data nana umat kang kadi iki | kinacek samining umat ||
  6. || Samya suka umat sedayaki | apan datan kang sumelang | manut maring saprintahe | Nabi Ngisa pinunjul | anetepi agamane | Mukhammad Khabibullah | lawan malihipun | netepi adiling raja | sami suka wong Islam kelawan mukmin | kadi jamaning panutan ||
  7. || Dene Imam Mahdi pan kinanthi | iya maring Gusti Nabi Ngisa | wus katrima pun dongane | wonten ing Betal Mukadas | Imam Mahdi pan sampun lami | wonten ing Betal Mukadas | gennya nenuwun | risake si Dajal laknat | pan samangke Dajal laknat wus ngemasi | awit saking Nabi Ngisa ||
  8. || Lawan wonten caritane malih | maring Raden Mukhamad Khanapiyah | Bagendha Ngali putrane | antarane ingkang inu | ingkang nama Dewi Karaisih | ing Ngejrak negaranira | nginalib seminipun | amargi kenging deduka | ing nalika kelawan Yajid | anake Mangawiyah ||
  9. || Mukhamad Khanapiyah kinging dedukane Yang Widi | awit saking tetulung kang raka | Bangendha Husen | sedane | putra Bagendha Ngaliyu | ibu saking Dewi Pertimah | perang lawan Yajida | Bagendha Husen kapupuh | anulya sinedanan | jangganira kinethok kelawan Yajid | anulya ginawe kasukan ||
  10. || Mila sanget dukaning enting | wau Raden Mukhammad Khanapiyah | sareng miring caritane | angluruk sabalanipun | maring Ngesam negarane Yajid | ing marga datan wilawarna | apan wus nempuh | yudane Yajid kasoran | nulya lengser iya maring negeri Mesir | binuru separanira ||
  11. || Sareng campuh Negara ing Mesir | Yajid cilaka lawan Khanapiyah | Yajid kasoran yudane | nulya Yajid sampun | pinejahan sang Raja Yajid | jangganira kinethok | pan ginawe umbul-umbul | langkung sanget dukanira | iya Raden Khanapiyah | wong sak Mesir sedaya ||
  12. || Pinejahan wong jalu kelawan estri | prajurit kanga tut wuntat | pitenahan sedayane | awit kena ing bendu | iya Raden Khanapiyahi | ngrusak sakehe desa | iya iku awitipun | ing mangke wus linuwaran | pan pinesthi kanthine Nabi Ngiseki | kinen anata agama ||
  13. || Permilane Ngisa nerpati | wonten Negara ing Betal Mukadas | jenengaken roro imame | kang sawiji Imam Mahdi | kang sawiji Mukhammad Khanapiyah | wong roro jumeneng imam | arja ingkang makmum | kadi arjane Negara Betullah | sami suka wong Islam lawan muikmin | anetepi wong Islam sedaya ||
  14. || Ing Negara wetan ing Masyrik | lawan malih mangulone ika ing Maqrib mangulonya | kidul ngalor sedayane | samya arja kelangkung | sekeh uwong tan kurang bukti | miwah sandhang pangan | pan sami cukup | mila Tanana dursila | awit saking mukjijate Jeng Nabi | lan kramate Oliya ||
  15. || Lan sakehe mulyane wong mukmin | lan mulyane kang para ngulama | parkom sedayane | miwah wong Islam iku | kenikmatan sami dhatengi | awit saking Nabi Ngisa | Rakullahu | nikmate lanang wanudya | sami suka sukur maring Yang Widi | saking kathahe nikmat ||
  16. || Laminipun mijil angratoni | wonten ing dunya sekawan dasa | warsa lamine | apan datan winuwus | akrama putra Ngisa nabi | sampun pepek kawan dasa warsa | nenggih taunipun | nuli wonten kang musibat | lorepun Jamakjuja saking wukir | saking ing gunung Thura ||
  17. || Kang ginadhang Sultan Askandar nguni | wonten satengah ing gunung Thura | ing mangsa iku luwarane | Jakmajuja ingkang sunu | iya aran Kiyai pis | papis kang putra | Gusti Nabi Nuh | sampun medal saking Ngerak | Jamakjuja kasektenira ngluwihi | ngungkuli si Dajal laknat ||
  18. || Pertikele kadi si Dajal | mila kathah kang sami tut wuntat | saking ajrih kasejtene | ingagung maring Yang Agung | apan kacipta dadi | kang manut tanpa wilangan | tan kena ingitung | panggawene ya Pangeran | ana wong kang anebut maring Yang Widi | abengis ujarira ||
  19. || Nulya masang Jamakjuja aglis | panahira ingkang pinasang | mendhuwur asru lepase | ingkang sinedya ing kayun | amanah kang Mahasuci | Gusti angandika | maring Jabarail wau | eh Jabarail inggal | ameleti inggetih ingkang jemparing | panahe Jamakjuja ||
  20. || Sareng wangsul apan gubrat getih | panahira Jamakjuja | saya agung takabure | kinen ngaku Yang Agung | pangrasane andheweki | dene mawi pertandha | panah gubrat marus | mila wong kang datan imam | yekti ngandel panggonira Yang Widi | pakone Jamakjuja ||
  21. || Nulya tampi timbalanira Yang Widi | Nabi Ngisa kinon mapakake | Jamakjuja ing yudane | apan aken agempur | wong Islam akeh kang mati | rinasuk Jamakjuja ingkang datan manut | Nabi Ngisa sigra budhal | Imam Mahdi lan Mukhammad Khanapiyah iki | iya datan kenapiyah ||
  22. || Dene ingkang sinadya ing ngati | iya marang ing gunung Thura | Jamakjuja panggonane | ing marga datan winuwus | ing Jabar Thur sampun prapti | mirsa satengahing marga | kang beteng wus lebur | Negara tanah wetan sami rusah | tiyange pan sami gusis | sekarine pejah ||
  23. || Kang saweneh ana ingkang tut wuri | kang saweneh ana umpetan | ing guwa jurang perenge | dene bangke tumpuk susun | bangkene wong kang sami mati | Nabi Ngisa nulya | twdhak sedarum | titihane kuda pelak | nalika mapak yudane Dajal | miwah praboting prang ||
  24. || Imam Mahdi saminereki | titihane mulus kang kuda | praboting prang sakehe | ing nalika prang pupuh | amapak yudane Dajali | dene Mukhammad Khanapiyah | pedhange Dulpakar iku | wasiyat kang rama  Bagendha Ngaliyu | ing nalika andon jurit | aprang kelawan Raja Lakhad ||
  25. || Titihanipun wau kuda pekik | kuda sekarane negari Ngajrak | aputih mulus ulese | sami lan titihanipun | kagungane Gusti Imam Mahdi | kuda loro pan kembar | dene kudanipun | kagungane Nabi Ngisa | cemeng mulus yen dinulu ambelerengi | gebyaring pan kadya kaca ||
  26. || Lampahipun apan kadya angin | mila saking Betal Mukadas | sadinten praptane | wonten ing gunung Thura | sareng sampun amariksani | estu kathah kang pejah | bangkene asusun | suwung Negara bang wetan | ingkang ngungsu ing guwa panderengi | panangisipun amelas arsa ||
  27. || Kapiarsa Gusti Nabi Ngisa singgih | penangise wong kang aning jro guwa | miwah ing jurang perenge | tuwin bangkene tumpuk | kapiranan Gusti Jeng Nabi | nulya adedonga | sirnane kang lampus | miwah mulyane Negara | lawan malih waktune ingkang rijeki | dedosa panggone kang gesang ||
  28. || Pan katrima pandongane Jeng Nabi | tan adangu pan samya prapta | kang peksi garudha praptane | apan kadi sulung anucuki bangke kang maksih | binucal aning segara | sareng telasipun | kang peksi gusis sedaya | bangkae agung kadi lumute jeladri | tan dangu praptanira ||
  29. || Udan warih turun inginggil | cecukulan pan sami ancerap | rompyoh-rompyoh ing semine | wong kang aning jro guwa metu | miwah wong kang aning wukir | ereng-ereng ngarga | apan samya metu | amangan ing cecukulan | sami seger rumangsa awake urip | kathahe cecukulan ||
  30. || Kang saweneh cecukulan kali | kang sawene cecukulan kacang | jagung tela lan kenthange | miwah cecukulan timun | uwohipun pan samya dadi | nengena Nabi Ngisa | genira ambangun | ing Negara tanah wetan | kang kocapa Jamakjuja angideri | ing jagat tanoleh wuntat ||

PUPUH VII P A N G K U R

  1. || Sareng Jamakjuja | angideri jagat sadunyeki tan ana wani amusuh | amanut sakarepira | Jamakjuja tetep ngaku Yang Agung | kang para ratu sedaya | Tanana ngelawan jurit ||
  2. || Kacarita Jamakjuja | balanira apan tigang warni | kang medal kasektenipun | dene kang warna sanunggal | pan sapandha dedekmu mung sajagung | amangkene pakaryanireku | anyakoti manusa | pan sapisan anyakot manusa lampus | manusa kang sami Bangka | tan anut lakunireki ||
  3. || Lakunira Jamakjuja | dene warna iya ingkang kaping kalih | apan agung inggilipun | iya among saasta | karyanira maksih nyokoti yen ngamuk | manusa tan atut wuntat | pan sapandha kumpulneki ||
  4. || Ana dene pepanganira | maksih mangan iya cecukulan bumi | warna ingkang kaping telu | kang sapandha kumpulira | karyanira anyandhak manuseku | binanting manusa sirna | anginum pepanganeki ||
  5. || Anginum banyu segara | angengipun kawan dasa asta sami | kalawan inggilipun | kathahe tanpa wilangan | data ana wong kang bisa ngitung | among Yang Agung Maha Mulya | ingkang bisa amilih ||
  6. || Yen lumaku Jamakjuja | kang ngiring barat lesus dhateng | miwah celeret siyat-siyut | geludhug beledheg angampar | mendhung dhedhet ampak-ampak aning luhur | luhure Jamakjuja | amayung lumaris ||
  7. || Ana dene tungganganira | Jamakjuja awarni liman putih | winetawis angengipun | sami kelawan Bipal | apan iya tungganganira Dajal | ajenggereng Jamakjuja | ning luhur liman putih ||
  8. || Winetawis angengira | Jamakjuja sami kelawan Dajal | nanging kaot kupingipun | kadi ilir warnane kanan kiring | iya ana rupa gunung | minangka swarganira | awarni emas retna adi ||
  9. || Amawi gerbong kencana | panganan nyamikan adi-adi | sineleh ing luhure bangku | bangkunira kencana | mawi kurso titana sami mas murub | ting pelancur warnaneka | mila kathah kang kepingin ||
  10. || Kapingine manjing swarga | pangrasane iku swarga yekti | datan weruh yen pengridu | pangridune Jamakjuja | supayane ana rowangipun | amanjing ana neraka | dene kang kiwa winarni ||
  11. || Warnanipun ingkang kiwa | Jamakjuja ana warna kadi wukir apan geni yen dinulu | minangka nerakanira | mila kathah manusa ingkang kerut | wedi manjing ing neraka | kerut suwarga adi ||
  12. || Pengrasane manusa | aningali ing gunung umbul geni | anyana neraka setuhu | tan weruh iku sijrat | istijrate Jamakjuja ratu kupur | miwah retune setan | angratoni ing Yomani ||
  13. || Lakunira Jamakjuja | data nana ing marga ngelawan jurit | dene Negara sadunyeku | datan kambah Jamakjuja | lampahipun | sawiji negari Mekah | kapindho ing Madinah iki ||
  14. || Telu Betal Mukadas | kaping pat neggih negari Turtusi | yen celak Negara Jitur | apan katon telaga | nulya mogok mider-mider lampahipun | ingkang sinedya ing nala | wangsul negari Masyrik ||
  15. || Datan kawarna ing marga | ing Negara Masyrik pan sampun prapti | ing tepis wiringipun | lampahira kadya barat | siyat-siyut kilat thathit sami nempuh | beledheg geludhug awurahan | udanipun riwis-riwis ||
  16. || Pan sampun awas tumingal | Nabi kelawan Imam Mahdi | Mukhammad Khanapiyah iku | sigra ngrasuk busana | praboting prang pan sedaya wasiyat sampun rinasuk | wong Islam wus nglempak | ing wikinge Kangjeng Nabi ||
  17. || Tan antara Jabarail prapta | sekehe gaman iya saking suwargi | maring Nabi Ngisa iku | gada lan parisira sigra musna Jabarail tan kadulu | nulya wau Jamakjuja | pan sampun awas ningali ||
  18. || Yen kang methuk Nabi Ngisa | karsanira Jamakjuja amundhut aglis | gada ageng awrat sewu | dhacin mas kang mulya | parisira among wawrat limangatus | dhacin waja kinarya | milane kepati-pati ||
  19. || Pan lajeng ayun-ayunan | Jamakjuja kelawan Nabi Ngiseki | Jamakjuja asru muwus | eh Ngisa kawruhanira | ingsun iki aran Pangeran setuhu | sira manuta ingwang | gedhe ganjaran mami ||
  20. || Sun ganjar sira warga | apa ingsun akarya swarga adi | kang ana ing kananipun | lah ingsun neraka | ana ing kiwanipun | lah age sira manuta | maring jeneng ingsun iki ||
  21. || Asuthik wuwusira | Nabi Ngisa maring retune Iblis | eh Jamakjuja sira iku | pan lanaktullah | angratoni ing sakehe para kupur | lawan sakehe para setan | angratoni ing Yomani ||
  22. || Den eta swarganira | pan istijrat penglu-lune Yang Widi | lawan malih nerakamu | pan iku padha istijrat | sira ilinga Jamakjuja laknat kupur | ilinga maring Pangeran | kang akarya bumi langit ||
  23. || Bermantyanira kalintang | Jamakjuja sigra angadeg aglis | gada kang awrat sewu | dhacin emas kang kinarya | sareh nempuh tangginas Nabi Ngiseku | tinedhehan parise waja | jumegur tibane bindi ||
  24. || Saking rosane kang gada | iya saking kuwate ingkang dhawahe | gunjing ingkang bumi pitu | kocak ingkang samudra | sekeh wana sami esol kayunipun | maring wukir sedaya | pendhut dhedhet andhatengi ||
  25. || Mubal dahananira | apan mubal iya maring wiyati | kumutuk kukusing latu | sigra Mukhamad Khanapiyah | Imam Mahdi sami narik pedhangipun | angrasuk sebalanira | Jamakjuja balaneki ||
  26. || Balane Jamakjuja | Telas sewu rongewu andhatengi | telas sekethi lampus | rong kethi sami prapta | iya bala kang medal kasektenipun | antarane telung dina | pangamukira wong kalih ||
  27. || Langkung peteng dhedhetira | kukusira pedhut iya kongsi telung bengi | mila wong sadunyeku | rumangsa dina kiyamat | sareng ical pedhut dhedhet lakukus | katon musuh lan rowang | Jamakjuja asru angling ||
  28. || Eh ta sira Nabi Ngisa | sun wetara sira lan siti | maksih panggah sireku | ana saluhure kuda | iya estu yen sira pinunjul | angungkuli wong sajagat | dene kelar anadhahi ||
  29. || Nadhahi penggadaningwang | iya Ngisa ja sira gumingsir | sun gada malih sireku | iya gadaningsun | Nabi Ngisa nulya nadhah | jumegur tibane bindi ||
  30. || Swara lir gelap ngampar | kadi bledheg sakethi ambarengi | geni mumbul kadi gunung | ngampak aning tawang | sekeh uwong anyana langit rubuh | ngrubuhi sekeh manusa | kelenger meh mati ||
  31. || Gunjing ingkang bumi sapta gunung-gunung apan sami miring | sekeh kayu sami rubuh | buron wana belulungan | akeh mati sami karubuhan kayu | kocak banyune samudra | ingkang mina akeh mati ||
  32. || Peteng dhedhet awurahan | iya saking kukusing geni | dadak sekala udan awu | prapta gawong pitung dina | bengine petenge ajumput irung | sekeh uwong sami karuna | dene kiyamat dhatengi ||
  33. || Reden Mukhamad Khanapiyah | lawan malih iya Seh Imam Mahdi | tan kendeg pangamukipun | balanira Jamakjuja | datan telas malah saya akeh wuwuh | wus jangkep pitung dina | apadhang lir wingi uni ||
  34. || Jamakjuja awas tumingal | Nabi Ngisa maksih aning luhur ing turanggi | gedheg-gedheg manthuk-manthuk | agedheg goyang kepala | Jamakjuja apan asru wuwui | eh ta iya Nabi Ngisa | gadanipun maksih siji ||
  35. || Gada prunggu bobotira | telung ewu dhacin winetawis | iya den priyitna sireku | saiki patinira | sambata wong tuwanira de gupuh | sun antep karosaningwang | Ngisa aja gumingsir ||
  36. || Nabi asru ngadika | Jamakjuja sira tibakna sami | rosa lan malih kasaktenira | lan aja sok ngaku Yang Agung | endi ana Pangeran | liyane Rabulngalamin ||
  37. || Apan sira laknatullah | lawan malih sira iku Ngabdullahi | satrune Allah satuhu | age sira mupuha | sigra nempuh Jamakjuja asru nempuh | kasangga anggise waja | parise Nabi Ngisa ki ||
  38. || Saking sangete kang gada | Jamakjuja rosane tanana kari | akuwat penangkisipun | katempuh parise waja | suwaraning gada babledheg sewu nempuh | gunjing kang bumi sapta | akeh juguruk ingkang wukir ||
  39. || Pan lindhu ambal-ambalan | peteng dhedhet kumutuk kukus ing geni | apan sarwi udan watu | meh asat ingkang samudra | akeh pejah manusa katiban watu | sigra ingkang endhas | kalenger meh ngemasi ||
  40. || Wus nyana jangkep rolas dina par gawong tatana sasi | miwah sangetan kadulu | apan sekehe manusa | akeh pejah iya saking udan watu | iya saking kurang papan | lawan malih sedhih kingkin ||
  41. || Pan wus jangkep rolas dina | nulya padhang apan kadi lami | Jamakjuja awas andulu | Nabi Ngisa maksih panggah | iya kamsih aning luhur manggung Jamakjuja asru ngucap | malesa aja ngunduri ||

PUPUH VIII D U R M A

  1. || Nabi Ngisa ngandika maring Jamakjuja | eh Jamakjuja aglis | sira den prajitna | amasanga tangkisita | sun arsa males sireki | gada maring sira | Jamakjuja masang tangkis ||
  2. || Dene Raden Mukhamad Khanapiyahi | kelawan Imam Mahdi | anyepengi kang kuda | kendalinira kang kang kanan | Mukhamad Khanapiyahi | dene kang kiwa | Imam Mahdi kang nyepengi ||
  3. || Asru ngetap panggadane Nabi Ngisa | sarwi petek barengi | nempuh ingkang gada | sumembur parise | waja | anerus badanireki | Jamakjuja | anggru nulya ngemasi ||
  4. || Lawan malih mati satungganganira | gumulung aning siti | mendhelongira kang lemah | sekaki antaranira | saking sangete pagitik | gunjinge bintala | jugrag ingkang wukir ||
  5. || Segera asat mina akeh ingkang pejah  | geni kepyuring tangkis | angobong ingkang wana | nenggih buron alas | mati kobor ing geni | peteng limunan | peteng dhedhet mendhung amberangi ||
  6. || Mubal-mubal kumutuk kukusira | apan lindhu wali-wali | geludhug lan kilat | celerete thathit ya medal | beledheg pan samya mijil | pan sekeh manusa | nempuh polahe sami ||
  7. || Apan gowong lawasing pan wolung dina | jangkep kawan dasaari | prang Jamakjuja | Nabi Ngisa punika | nulya apadhang kadi uni | katingal kalebu yomani ||
  8. || Dene iya balane Jamakjuja | sekarine ingkang mati | apan maksih kathah | Nabi Ngisa adedonga | rusake bala kang urip | apan katrima | pandongane Kanjeng Nabi ||
  9. || Nulya Allah angutus maring Jabaraila | kinen marintahi jin | kinen amemangsa | balane Jamakjuja | Jabarail melesat aglis | sarwi dangundhang | kabeh sarupane ejin ||
  10. || Entekne balane Jamakjuja | lah padha sira papani | apan sampun terang karsane kang Mahamulya | para ejin mangkat aglis | pan sami suka | rumangsa angsal bukti ||
  11. || Dene congor pan kadya sami | irungi guluneki | kathahe tanpa wilangan | ing marga datan winarni | wus prapta genireki | balanira | Jamakjuja sigra enting ||
  12. || Lajeng sukur Nabi Ngisa maring Pangeran | sigra kundur Jeng Nabi | maring Betal Mukadasu | dene Mukhamad Khanapiyah | kelawan pun Imam Mahdi | tansah ing wuntah | ing marga datan winarni ||
  13. || Sampun prapta Betal Mukadas | wus manjing sajrune puri | dene wong Mukadas | sami bungah manahira | sukur maring | ganira dedunga | sirnane bala kapir ||
  14. || Pan sinegeg Nabi Ngisa praptanira | kucapa sang raja kapir | Jabari namanira | balane tanpa wilangan | arsa ngrusak puser bumi | sampun siyaga | wus budhal saking negari ||
  15. || Raja Jubari utusane rajeng Ngabesah | kinen ngrusak puser bumi | sami medal bahita | prabatipun ngayuda | miwati tatungganganetki | kamut sedaya | ing sajrone paloneki || (palwaneki)
  16. || Anengena iya kang lagya alayar | kucapa Nabi Ngisaki | pan sampun waspada | winisik ing malaikat | pan sampun waspada | winisik ing malaikat | kengkenan raja Ngabesi | bakal angrusak | maring betullahi ||
  17. || Sigra parintah Nabi Ngisa ing sabalanira | prajurit jruning Mukadasi kinen asiya | prabupatipun ngayuda | sami anitih turanggi | belgedaba liman | senuk memreng kuldi ||
  18. || Kang saweneh prajurit angagem gada | kang saweneh ngagem tamsir | pedhang klawan tumbak, kestul lan Kalantaka | mriyem miwah suligi | pusur lan parah | Ngabdullah tunggulneki ||
  19. || Sigra budhal prajurit Betal Mukadas | tatabuhanira ngrangin | bendhelan tamburira | ing margi datan winarna | wus ngancik ing puser bumi | baris atata | anengena kang lagya baris ||
  20. || Kang kucapa bala Ngabesi wus amentas | saking sajrone warih nulya asiyaga | prabotipun ngayuda | sarwi anitih turanggi | belgedaba liman | saweneh anitih huldi ||
  21. || Raja Ngabesi kang dadi tetunggulira | sarwi nitih jenggiri | aneh warnanira | awakira kadi ulam | sirahipun kadi babi | duk angsalira | aning sajrune jeladri ||
  22. || Ingkang gada raja Jabari punika | gada wawrat sewu kati | prunggu ingkang kinarya | waja parisenira | ngedhangkrang nitih janggiri | pan sinungsungan | susun tiga busananira asri ||
  23. || Kang saweneh balanira ngangem goda | saweneh ngagem tamsir | pedhang lan kalantaka | mriyem kalawan panah | pusur kalawan suligi | tetabuhanira | bendhe tambur lawan suling ||
  24. || Sigra budhal Jabari sebalanira | ing marga datan winarni | wus ngancik ing tanah | tanahira ing Mekah | Syeh Ngabdullah nulya ngrakit ||
  25. || Pan tinata sebalanira sedaya | perjurit Betal Mukadasi | pan atata gamanira | sedaya perjurit sami | anitih Syeh Ngabdullah | anitih gajah wilis ||
  26. || Angedhanggreng aning ing luhur liman | asri amundhi bindi | wawrat sewu kati waja | ingkang kinarya parisira | sedaya sami miranti | parise waja | sinungsongan susun katri ||
  27. || Umyang gumuruh suwarane kang tetabuhan | balane sang raja kapir | genggeng kadya samudra | arampak lampahira | sinahuran bala Mukadasi | kang tetabuhan | umyang aning wiyati ||
  28. || Tan antara dangu anulya ayun-ayunan | anyapa raja Jabari | eh sapa aranira | satriya kang ngandhong marga | apa arep bosen urip | pan lakuningwang | ingutus maring gusti ||
  29. || Raja Dulgunya retune wong Ngabesah | kang ngutus maring kawi | abubrah Betullah | miwah angrusak pisan | sagahe wong islami | lah sira mundura | asugal Syeh Ngabdullahi ||
  30. || Kalawan ira takon jenengisun | Syeh Ngabdullahi | utusane sang raja | Nabi Ngisa Ruhullah | kang jumeneng ing Mukadasi | utusane ingutus ing Mekah | netepaken agamane suci ||
  31. || Pan ngutus medhangi maring sira | yen sira peksa wani | ambubrah ing Betullah | ingsun kinen nglawanana | iya maring sireki | miwah sebalanira | bermatya Jabari ||
  32. || Eh Ngabdullah kadhunga ing parisira | rasekena gada mani | sira den prayitna | tan wurung awor lan lemah | sambata wong tuwa kalih | tumenga ngakasa | tan wurung sira yen mati ||
  33. || Nulya masang Syeh Ngabdullah panisira | Raja Jabari amindhi | tempuhing kang goda | tinangkil parise waja | gumebyar medal kanga pi | amulad-mulad | wus nyana yen ngemasi ||
  34. || Sareng ilang urube kang dahana | Syeh Ngabdullah maksih urip | panggah lungguhira | ana saluhuring liman | kagyat sang raja Jabari | Eh Ngabdullah | sun nyana awor siti ||
  35. || Eh Ngabdullah sira matesa maring ingwang | aja katon sireki | kaparwiranira | Syeh Ngabdullah angadika | apa sakarsa nireki | lah den prayitna | sira sang Raja Jabari ||
  36. || Nulya kudhung parise waja kang mulya | iya sang raja Jabari | sigra Syeh Ngabdullah | amolahaken kang gada | angetop pangganeki | tempuhing gada | sinangga dening tangkis ||
  37. || Pan gumebyar amedal dahananira | saking sangete bindi | kuwate kang anangga | geni mubal ing tawang | kumutuk kukusing api | kaling brama | anglelara raja Jabari ||
  38. || Maksih tumpak jenggiri ing luhurira | tamengira pinundhi | Tanana kang kasoran | apan sami kuwatira | buwang gada silih ukih | pedhang-pinedhang | pan sarwi banting binanting ||
  39. || Sami tulung balanira Syeh Ngabdullah | miwah bala Ngabesi | angrebut ing luhurira | sinarung pangamukira | mriyem sareng amuni | tamburnya ngangkang | bendhenira nitir ||
  40. || Umyang gumuruh surake kang wedya bala | kadya rubuh kang wukir | bala keh palastra | Islam kapir pan samya | saking kathahe bala kapir | Syeh Ngabdullah | arsa ngunduraken baris ||
  41. || Samya eles perange bala Mukadas | anyekut bala kapir | ing marga datan winama | Mukadasi pan meh prapta | waspada Niti Ngisaki | yen Ngabdullah | kasuran genyak jurit ||
  42. || Nabi Ngisa angetak maring Imam Mahdiyu kelawan kalawan Khanapiyah | amapak ingkiang yuda | wong kapir meh prapta | iya mering Betal Mukadasi | abujung Ngabdullah | nulya dandan wong kekalih ||
  43. || Sigra ngrasuk busana praboting yuda | sarwi nitih turanggi | miwah kang wasiyat | sampun rinasuk sedaya | pedhang kangkam lan dulpakar sampun tinata | aning luhuring turanggi ||
  44. || Nulya budhal wong kalih tanpa rowang | lampahe lir thathit | ing marga datan winarna | pan wus sami prapta | ing gone raja Jabari | kadi samudra | saking kehe balaneki ||
  45. || Sigra nempuh wong roro samya arampak | pedhange wus tinarik | gelasah bala kopar | akeh kang samya palastra | lir pindha babadan pacing | sumembur kang bala | Raja Jabari lumaris ||
  46. || Pan binujung kacandhak marga | tinigas jangganeki | miwah sabalanira | sampun sami pinejahan | telas bala ing Ngabesi | wangsul sedaya | ngabdullah nulya ngabekti ||
  47. || Sampun kumpul bala Mukadas sedaya | sekarina kang mati | andherek lampahira | Imam Mahdi punika | lan Mukhamad Khani[iyah | sigra-sigra | Betal Mikadas wus prapti ||
  48. || Sampun katur iya purwanira | miwiti malah mukasi | suka Nbi Ngisa | miwah sekehe pra Islam | sami sukuring Yang Widi | lan sami atata | arja ingkang Negara Mukadasi ||
  49. || Sampun prapta janjinira Yang Sukma | sabdane jeng nabi | wonten Betal Mukadas | ana dene Imam Mahdi | lan Mukhamad Khanapiyah | prihatin samya wau kasmaran sami ||

PUPUH IX ASMARADANA

  1. || Sekehe wong Betal Mukadasi | pan sami susah sedaya | tinilar marang gustine | Nabi Ngisa Rohullah | arum gandanira | ing Negara liyani[un | lan sami mambu sedaya ||
  2. || Ing Ngesam lawan Bangdadi | ing Ngerum lawan Madinah | ing Mekah pan mambu kabeh | nulya lajeng siniraman | layose Nabi Ngisa | malaikat sami tumurun | miwah widadariya ||
  3. || Kerik lampit kang widadari | isen-isene suwarga | anyirami ing layone | iya Gusti Nabi Ngisa | aning Betal Mukadas | nulya sinalataken sampun | wonten ing masjid Mukadas ||
  4. || Dene karsane Imam Mahdi | lan Mukhamad Khnapiyah | arembag wong mukmin kabeh | layone jeng Nabi Ngisa | kinubur wonten Madinah | ing dayane kanjeng rasul | ing luhure Gusti Ngumar ||
  5. || Dene raja Madinahi | pani sampun ngrakit sedaya | sampun tampi utusane | saking ing Betal Mukadas | layone Nabi Ngisa | pan ing ngakataken sampun | ing margi datan winarna ||
  6. || Ing Madinah sampun prapti | ning mesjid para ngulama | sami nyalataken kabeh | bungahe para ngulama | sami amambu ganda | amrik ganda arum | mijil saking ing suwarga ||
  7. || Anulya kinubur aglis | layone jeng Nabi Ngisa | tan antara sadangune | rampung pan sampi bubaran | ing wismane sewing-sewang | Mukhamad Khanapiyah iku | Imam Mahdi nulya budal ||
  8. || Kundur maring Betal Mukadas | pawongan ngiring sedaya | ing marga datan winiraos | ing Mukadas sampun prapta | tan antara Madinah ||
  9. || Dangane Nabi Ngikesi | ajajar lan Gusti Ngumar | tan antara malih lamine | Raden Mukhamad Khanapiyah | sigra nututi seda | kinubur ing Medinah iku | ajajar lan Imam Mahdiya ||
  10. || Susah sakehe para mukmin | miwah wong Islam sedaya | dene tan ana tunggule | anengene ingkang sungkawa | kocapa Raja Ngabesah | pan sampun midhanget tutur | patine Jabari raja ||
  11. || Enteke balaneki | kya patih tinimblan | Dawil Insyar iku namane | eh patih Dawil Insyar | apa sira ngrungu warta | risake bala kang ngluruk | patine Jabar raja ||
  12. || Ature rekyana patih | inggih angsal kang pawarta | wikan yakin lan botene | Dawil Ngumya asru ngandika | yen mangkana karsaningwang sarupane kawulaningsun | ing tanah Ngabesi sedaya ||
  13. || Sun pundut watu siji | ing dalem tiyang sanunggil | padha parintahana kabeh | sun gawe ngurugi ing bab | dedalan maring Batullah | keletan segara ageng wiyare mung sewu asta ||
  14. || Iku kang tan ngurugi | sarupane wong wong Ngabesah | supaya dadya dharate | ingsun arsa metu dharat | angrusak ing Betullah | Tanana kuwatiripun | dene metu ing dharatan ||
  15. || Dene kang Raja Ngabesi | selawasira dadi raja | apan tuli selawase | tan ngrungu Negara liyan | kang madha maring Ngabesah | saben-saben andangu | kya patih aturira ||
  16. || Pan inggih wonten negari | ing Mekah lawan Madinah | ing Ngerum Turki Mesire | samya kelebu bumi Mekah | akedhep Raja Ngabesah | tampane pengrungunipun | data nana kang Negara ||
  17. || Turune Raja Ngabesi | awit buyut Raja Sadat | kalebu Ngumar namane | awit tuli turunipun | demugi Raja Dzulngumya ||
  18. || Sareng Raja Dzulngumyani | awit pinaringan luwar | tulinira talingane | angrungu Negara liyan | iya akeh ingkang madha | ing Mekah pan sirahipun | mila badhanipun linurungan ||
  19. || Sigra parontah kyana patih | tan kawarna lampahira | wus mangkat sedayane | iya wong Ngabesi punika | wus pepek pinggir samudra | nulya balangaken watu | anenggih maring samudra ||
  20. || Wus rata pan mkadi gisik | sigra patih Dawil Insyar | umatur maring sang katong | samudra pan sampun rota | pan kadi dharat | asuk Dawil Ngumya sang prabu nulya kinen andandan ||
  21. || Angundhangi ssekeh prajurit miwah kinen asiyaga | praboting prang pupuh mengku | apan datan winicara | prajurit ing Ngabesah | anulya budhal sampun | ingiring prajuritira ||@@
  22. || Pan sarwi anitih esthi | saweneh belgedada kimar | senuk memreng lan bipale | ana dene praboting ngayuda | gada kelawan pedhang | panah mriyem kelawan kestul | suligi lawan tumbak ||
  23. || Kya patih tengga puri | tan kawarna lampahira | wus ngancik Mekah bumine | wong Mekah sami mapak | ananing datan anangga | alaju ing lampahipun | sampun prapta ing Betullah ||
  24. || Nulya lajeng den bububrahi | wong haji pan sampun pegat | wong Mekah pan samya lampus | sekarine samya bubar ||
  25. || Angungsi maring wnadri | arusak negari Mekah | sampun karsane Yang Manon | rusake negari Ngarab | miwah ing Kabatullah | Raja Ngabesah puniku | amarga dadi jalaran ||
  26. || Mila ing dina puniki ing wong Ngabesi sedaya | akhalal lamun ing ngepek | maring wong bangsa Ngarab | yen lanan dadi kawula | yen wadon dadinereku | dadi amat namanira ||
  27. || Wenang winade puniki | lamun ana wong tuku amat | datan nganggu ningkah maneh | khalal lamun tunurutan | saking murahing Pangeran | sebab dene bakal nglebur iya maring Kabatullah ||
  28. || Mangsuli carita malih | bubrahe Raja Ngabesah | ing marga datan winaraos | miwah ing sapraptanira | ing wisma Raja Ngabesah | anulya wonten babedu | wiwitan dina kiyamat ||
  29. || Surya medal saking magrib | surupe surya mangetan | rembulan wonten tanggale | amengulon surupira | anulya dhateng kang panas | apan tan ana jawah |  agenge kang gegodhongan ||
  30. || Miwah tan ang rizki | anulya ana suwara | yen anak putu Adam kabeh | iki wus dina kiyamat | wus mineb lawang tobat | sepira-pira karimu | apan tan tinirima ||
  31. || Inggih kuwan prasami | iya ing dina punika | langkung sanget suwarane | angebeki jagat sadaya | saking bangete suwara | angrungu wong sadunya iku | anulya nangis sedaya ||
  32. || Ajungkel ing siti panangisira manusa | sambate angadhuh-adhuh | nulya Allah Tangala | ngetokaken ingkang Dabah | metu saking selanipun | Gunung Esap lan Marwah ||
  33. || Dadine ingkang Dabani | saking saantaranira | bumi kelawan langite | sirahira kadi sura | tegese sura punika | peksi sura namanipun | wedana kadi manusa ||
  34. || Netranira kadi jinjir | kupingira kadi Bipal | sunginira kadi bantheng | gulunira kadi unta |dhadhanira kadi sima | miwah ta marnanireku | garong kadi candra mawa ||
  35. || Buntutira kadi kambing | sukunira kadi unta | nanging amawi tangan karo | dene tangan ingkang kanan | amawi ngangem maklumat | ali-ali agemipun | ageme Nabi Suleman ||
  36. || Dene tangan ingkang kering | ngangge teken agemira | Nabi Musa kang kinaote | apan sarwi mawi elar | luru-luru suwuwunira | apan asru iberipun | ing magrib sakedhap netra ||
  37. || Miwah miber ing Masyrik | ngalor ngidul ingiberan | karyane angumpulake | iya sakehe manusa | yen ana manusa Islam | pinisah lan enggonipun | kelawan manusa kapir ||
  38. || Miwah wong munapeki | kumpeli manupek sedaya | wong kapir kumpul kapire | wong Islam kumpul lan Islam | iya karyane Dabah | kelawan tan agemipun | asta maklumat agem Suleman ||
  39. || Pan ginawe anudingi | manusa kang bangsa Islam | anulya putih raine | dene agemira jungkat | teken agemira Musa | apan ginawe anuthuk | maring endhase wong kopar ||
  40. || Sigra musna kang Dabahi | anulya Allah Tangala | anurunaken angin gedhe | angin tupan westanira | tumurun aning dunga | angeded angin punika | prahara dadak sekala ||
  41. || Lesus sarwi ambarengi | ing dunga dadak sekala | gunung kayu sami esol | apan sekehe manusa | tan karuhan polahira | ting jalerit sambatipun | ngalor ngidul ngulon ngetan ||
  42. || Tanana dipun anubi | kayuni ing ngalam dunya | ting gelasah sedayane | miwah sakehe kang wisma | sami rubuh sedaya | panase kang surya iku | kadya api ing neraka ||
  43. || Grahanane wali-wali | miwah grahanane wulan | surya runtuh ing lintange | apan sakehe manusa | saweneh anggendhong anak | sami mati anakipun | ana luhure gendhongan ||
  44. || Miwah wong kang meteng sami | aruntuh wetengira | dene rare maksih playon | tinilar wong tuwanira | datan ngitung ing anak | rumeksa pribadinipun | tan wurung iku palastra ||
  45. || Anulya kang wukir sami | p[an sami mumbul ing tawang | sami tarung sedayane | mila satengahe samudra | rata kadi dharat | miwah pereng sampun jaru | ledhok pan rata sedaya ||
  46. || Dene sekehe manuseki | pan sampun pejah sedaya miwah sekehe kewan | pan sampun telas sedaya pan sami sirna | ngandika kang Maha Luhur | maring Malaikat Ngizrail ||
  47. || Eh Malaikat ngizrail | padha sira pundhuta nyawane si Iblis kabeh | padha kang bangsa syetan | pada sira pundhuta Ngizrail sigra amundhut | syetan wus pejah sedaya ||
  48. || Gusti Allah ngandika malih | maring Malaikat Ngizrail | eh sira pundhuta age | nyawane sekeh Malaikat | kang ana bumi sapta | miwah ana langit pepitu | Ngizrail sigra tumandang ||
  49. || Sedaya wus sirna enting | mung kari Ngizrail piyambak | anulya tumandhang dhawuhe | Pangeran Kang Mahamulya | kinen ngalap nyawanira | Ngizrail sigra andudut | Nyawane pribadinira ||
  50. || Ajungkel malaikat Ngizrail | niba tangi polahira | sambate lir bledheg miyos | saking sangete sekarat | geru-geru saben dina | lamine sekaratipun | apan ana sewu warsa ||
  51. || Dene sambate Ngizrail | yen anaa ingkang mirsa | sayektine mati kabeh | saking bangete suwara | panjritira malaikat | Ngizrail pan sampun lampus | Tanana kari satunggal ||
  52. || Sami ngrasakaken pati | sakehe mahluk sedaya | grahana kang srengge | lawan grahana rembulan | grahananira telas | sekeh lintang sami runtuh bedhane langit kaping sapta ||
  53. || Miwah gunjinge kang bumi | sapta lawan bedhahira | Gusti Allah ngandika alon | lah sapa ingkang amurba lah sapa ingkang masesa | kang karya urip lan lampus | bumi sapta langit sapta ||
  54. || Miwah saisen-isenereki | suwarga lawan neraka | saisinira karune | rembulan kelawan surya | kabeh ingsun kang karya | purba wasesa iya ingsun | rabilngalamina ||
  55. || Gusti Allah anguripaken sami | malaikat ingkang murba | miwah sebalane kabeh | kang bangsa kurubiyuna | anglumpak aning ngarep hijab | hijabe ngaras puniku | kathahe tanpa wilangan ||
  56. || Miwah gandane sami | data ana ngewruhana | akehe lawan gedhene | among Allah Tangala | kang bisa amilang-milang | miwah pirsa agungipun | malaikat kang ana hijab ||
  57. || Den eta agenge sami | malaikat ngarepe hijab | sekalir sekehe | ana ngisore buntala | ana dene sirahira | ana luhure ngaras agung | balane malaikat sekawan ||
  58. || Jabarail lan Mikail | Israpil lan Ngizrail | luhure among punika | ana dene malaikat Makarabun | acanthi maring Pangeran ||

PUPUH X KINANTHI

  1. || Ngandika Gusti Yang Agung | maring malaikat Mukarabin | eh Mukarab matura | ing ngendi lah mahpush mami | matura malaikat Mukarab | gumantung nginggile ngarsyi ||
  2. || ati warnanipun | kanga ran Lohmahpushi | kadi putihe tigan | dawane kang lohmahpushi | antarane langit sapta | bumi sapta anataraneki ||
  3. || Sekarane kang lohmahpush | saking mutyara abrit | belabagira mutyara | iju warnane dumeling | lohmahpush ana tulisnya | pepesthene manuseki ||
  4. || Cekak dawane kang umur | beja cilakane jlami | tinulis ing lohmahpush iki | apan datan kena gingsir | awit wujude manusa | tumeka kiyama kubra ||
  5. || Sampun katur aturipun | malaikat Mukarabi | anulya ana suwara | saking erahing Yang Widi | eh lohmahpush umatura | titipan ingsun aning ngendi ||
  6. || Gumeter wau lohmahpush | umatur sarwi wotsari | dene kagungan tuwan | titipan kang wonten mami | he Allah Pangeran amba | kawula pasrahaken Israpil ||
  7. || Wonten malih suwara asru | saking erahing Yang Widi | eh Israpil umatura | titipan ingsun ning ngendi | gumeter Israpil iku | umatur sarwi ngabekti ||
  8. || Dhuh Gusti Kang Maha Luhur | kagungan tuwan Gusti | titipan kang wonten amba | kang elohmahpushi | sampun kawula pasrahena | dhumateng malaikat Ngizrail ||
  9. || Wonten malih suwara asru | saking erahing Ywang Widi | eh Ngzrail umatura | titipan ingsun ning ngendi | gumeter Ngizrail sigra | umatur sarwi ngabekti ||
  10. || Dhuh Kang Mahaluhur | kagungan tuwan Gusti | titipan wonten amba kang saking malaikat Israpil | sampun kawula pasrahaken | dhumateng malaikat Mikail ||
  11. || Wonten malih suwara asru | saking rahing Yuwang Widi | eh Mikail umatura | titipan ingsun ning ngendi | gumeter Mikail sigra | umatur sarwi ngabekti ||
  12. || Dhuh Gusti Kang Maha Luhur | kagungan tuwan Gusti | titipan kang wonten amba | kang saking malaikat Ngizrail | sampun kawula pasrahena | dhateng malaikat Jabarail ||
  13. || Wonten malih suwara asru | saking rahing Yuwang Widi | Jabarail umatura | titipan ingsun aning ngendi | gumeter Jabarail sigra | umatur sari ngabekti ||
  14. || Dhuh Gusti Kang Agung | kagungan tuwan Gusti | titipan kang wonten amba | kang saking malaikat Mikail | sampun kawula pasrahena | dhateng kekasih tuwan Gusti ||
  15. || Muhammad nabi panutup | anulya kang Mahasuci | ngandika maring Ridwan | eh Ridwan sira paesi | sarine bumi | kasunaran gebyar-gebyar | kadi kuninge mas mijil ||
  16. ………..pada 16 dumugi pada 23 boten wonten.
  17. || Gelung kondhe cundhuk mentul | selindhange sutra abrit | sinulaman iju sutra | tinnetes inten bumi | tiningalan gebyar-gebyar | cahyane mindha sasi ||
  18. || Aweneh nyampingipun | sutra iju lurik kuning | sinulaman toya emas | kembenipun wau abrit | arimong gacu Suleman | lelongan suwarga adi ||
  19. Sengkengipun inten mancur | pinetik mustaka bumi | gebyar-gebyar kadya lintang | sore-sore kalane angalih | waja lir inten mustika agebyar-gebyar ambelerengi ||
  20. || Ana ngure rimanipun | cundhuk jungkat inten bumi | sami sedheng-sedheng dedegira | miwah badanireki | pan sarwi gadhah pawongan | iya padha widadari ||
  21. || Pantes pangakunipun | widadari sedayaki | pan asra methuk sedaya | iya maring Kanjeng Nabi | ya Muhammad Khabilullah | wonten ing ngandap sitinggil ||
  22. || Sitinggil amawi tarub | tarube kencana adi | miwah payane pisan | pan sami retna adi | pepajangan inten mulya | kembar mayang ing sitinggil ||
  23. || Linangse mutyara murub | sineleh luhur sitinggil | sengandhape usuk kencana | miwah tarub kencana | adi sami linagse sedaya | sinawuran jebad kasturi ||
  24. || Sarwi sinelehaken bangku | lawan sinelaheken ing kursi | pan sami kursi kencana | pinatik inten merjani | kanthahe tanpa wilangan | bangkunira lawan kursi ||
  25. || Ana dene pernahipun | sitinggil ngajeng suwargi | perdosan ingkang mulya | suwargane Kanjeng Nabi | sitinggil karya kumpulan | pamethuke widadari ||
  26. || Piranti pinarikan | pinarakane kanjeng nabi | awarna dhampar mutyara | aluhur Tanana nyameni | ingandhap sitinggil mulya | pan atap kursi rinakit ||
  27. || Tan winarna lampahipun | widadari sampun prapti | wonten sitinggil mulya | anulya pinarak kursi | sanes kursi cecawisan | ngarep dhampar mutyara adi ||
  28. || Sampun cawisanipun | widadari sami prapta | ambekta bokor kencana | isine toya kang wening | kathahe tanpa wilangan | piranti ginawe ngisuhi ||
  29. || Ngisuhi sampahanipun | sampahane jeng nabi | miwah para anbiya lan sartane para wali | kelawan para syuhada | ngulama lan para mukmin ||
  30. || Kelawan para Islamu | kanga nut lakune nabi | pan sarwi cinawisani | widadari lawan kursi | ya iku walesira | Walese kang Mahasuci ||@@
  31. || Wus dadi cecadhangipun | widadari ing suwargi | apan dadi bojonira | bojonira kang para nabi | kelawan para oliya  | syuhada kelawan mukmin ||
  32. || Lan malih para Islamu | kanga nut lakune nabi | lawan ginanjar suwarga | minangka wisma sayekti | apan nora kena rusak | alanggeng genira mukti ||
  33. || Bodho temen ngulamaku | ngulama ing zaman akhir | remen dunya lawan sawah | kesambi arine wengi | ngibadah lawan tuminah | dadi runtuh salatneki ||
  34. || Talake buju setuhu | kang ana suwarga adi | karem bojo aning dunya | warnane kadi leri | den eta wismanira | kadi sudhungira jinir ||
  35. || Dening bojone dunya iku | kang minangka parintahe laki | yen lanang mungguh suwarga | bojonira melu manjing | tur dadi  bojo tuwa | anome pan widadari ||
  36. || Dene cahyanira mancur | bojo saking ing dunya | datan kari cahyanira | lan cahyane widadari | sarta kuwasa marintah | wus terang karsaning Widi ||
  37. || Yen ana wong wadon iku | tan ngabekti maring laki | wau maring Pangeran | bojoning ing yomani | wong kang ana ing neraka | dadine bojo sayakti ||
  38. || Lan malih ngulamaku | wus kacetha aning dalil | waman dzal aa aman | fakad zar nabi | sing asapa tinjo wong ngulama | sasat tinjo para nabi ||
  39. || Nanging sejen puniku | ngulama lan para mukmin | yen para nabi Tanana kena | rindhu maring ing Iblis angukuhi | bojo ing ngakherat | asugih ayune ngliwati ||
  40. || Dene para ngulamaku | kena ridhu ing Iblis | remen bojo aning dunya | lawan remen ing dunyeki | lan remen rajabrana remen bojo ing yomani ||
  41. || Mindah getunipun | bojonira apan salin | suwarga oleh neraka | bojo kang aning suwargi | anganti tan prapta-prapta | anyipta sareng jeng nabi ||
  42. || Miwah para anbiyaku | lan malihe para wali | dene wong mukmin punika | sebarang lakune sami | persasat para ngulama sejen asugih ngilmi ||
  43. || Dene para Islamu | iku presasat wong mukmin | nanging iku kacek uga | wong mukmin iku netepi | wong Islam kendhat lakune | nanging meksih jeneng muslim ||
  44. || Ana dene pitukunipun | bojo kang aning suwarga | pan among limang prakara | kang dhihin alunga haji | kapindhune apuwasa | ping telu syahadat kalih ||
  45. || Kaping pat zakat iku | kaping lima shalat wajib | wajibe waktu lelima | kang sarta tumaninah | ikhlasing manahira | aja iling sugih meskin ||
  46. || Yen sugih iling dunya iku | yen meskin iling tan bukti | iku pada ikhlasena | minangka tuku suwargi | nanging cok kena gibodha | mila akeh datan prapti ||
  47. || Ana dene tukunipun | bojo kang aning yomani | pan akeh wernanira | kang dhihin atinggal wajib | pikukuhe Islam lelima | kapindhone anginum warih ||
  48. || Kaping telu azinaku | kaping pat amateni | wong tanpa dosa | ping lima abegal maling | kaping nem atotohan | ping pitu serik karebi ||
  49. || Ana dene rencananipun | takabur sumungguh drengki | iya lawan ngujub riya | kidhib kelawan hitmat | anyebrot ngiutil nayeb | kelawan ngapusi ||
  50. || Angitung tan bisa ngitung | petokonira yomani | delalah dadi rebutan | pangarsane ngenikmati | sareng kumpul bujonira | awake gerak runtang ranting ||
  51. || Senadya wong wadon iku | yen malih tuku suwargi | cinadhang bojo oliya | yen bojone datan apti | kudu milih tuku neraka | dadi runtuh talak bain ||
  52. || Lan malih wong wado iku | yen malah takon yomani | kang lanang malah suwarga | iyo runtuh talak bain | kang lanang bojo suwarga | kang wadon bojo yomani ||
  53. || Nengena ingkang winuwus | kocapa Ridawan angabekti | sarwi ngaturi uninga | suwarga sampun rinakit | miwah widadarinira | anom-anom amantesi ||

PUPUH XI S  I  N  O  M

  1. || Gusti Allah angandika | iya maring Jabarail | eh Jabarail sigra | timbalana kasih mami | Muhammad dipun aglis | lan gawa sireku | tetungganganira Burak | lan malih sira paesi | dipun becik saking suwarga ||
  2. || Ana dene rainira | kang Burak pan kadi jalmi | angengira sami Bipal | lesanira kadi peksi | gagak cucukireki | sirahira kadi perasu | tegese iku jaran | dene kupingira kalih | warna inten jumanten ijo kang mulya ||
  3. || Dhadhanira kadi macan | gigirira kadi Bipal | buntutira kadi himar | awarna emas singagling | sikilira kadi paksi | apan sarwi nganggo jalu | ana dene suwiwinira | awarna mutyara jeni | lamun tinon lir pindah inten mulya ||
  4. || Netranira peksi Burak | awarna mutyara abrit | yen ngelirik gilar-gilar | iya kadi daru ngalih | senene netra kalih | apan ana tulisipun | kalimat roro pan cetha | ana dene guluneki | lawan dhadha warnane pan kadya soca ||
  5. || Lampahira kadi kilat | sarta nganggo suwiwi | roro pan kathahira | ing dalem siji suwiwi | elar-lari kathahira | ing dalem siji suwiwi ing dalem siji suwiwi | laripun winilis | apan pitung puluh ewu | suwiwi amambu ganda | kasturi saking suwargi | yata ngambar gandane kang peksi Burak ||
  6. || Dene ta kendhalinira | inten jumanten | pinatiking setya jenar | lan apusira kendhali | warni emas adi | agodhek mutyara mancur | abah-abahira sutra | diwangga pan samput abrit | gilar-gilar kadi sorote kang beskara ||
  7. || Gusti Allah angandika | maring malaikat kalih | eh Mikail sira sun duta | timbalana kasih mami  | Muhammad dipun aglis | lawan gawaa sireku | makhuta ingkang mulya | kang saking suwarga adi | warnanira inten widuri murub mubya ||
  8. || Gebyar-gebyar warnanira | makutha kadi herthathit | kasorotan ing beskara | belerengi netra kalih | murub-murube | pan semu pethak iku | pethakira kadi wulan | yen sinawang lir emas sinangling | nalikane purnama tanggal limalas ||
  9. || Gusti Allah angandika | maring malaikat Ngizrail | eh malaikat sigra | timbalana kekasih mami | Muhammad dipun aglis | lawan gawaa sireku | kulambi lan nyamping | karune saking suwargi | sutra ijo kelawan sutra diwangga ||
  10. || Miwah ta lancinganira | pinantes saking suwagi | pan sami sutra mulya | tinenun toya jeni | jambiyanira rinakit | iya saking suwarga agung | binalongan mutyara | tinretes ing inten bumi | gebyar-gebyar kadi genyare kilat ||
  11. || Gusti Allah angandika | maring malaikat Israpil | eh malaikat Israpil | timbalane kasih mami | Muhammad dipun aglis | lawan gawaa sireku | paying agung kang mulya | ya saking suwarga adi | songsong lakon sewu warsa ||
  12. || Miwah ta ambanira | antarane bumi langit | paying kencana mulya | nijinira kang kinarya adi | rujinira mutyara abrit | ana dene dedanganipun | warna selaku mulya | pinatiking surya adi | lawan malih ebol-ebolira cahya ||
  13. || Kinen mancur mertiga | sawiji ana ing Masyrik | ing Magrib sawijinira | ing sawiji tengahe bumi | tengene dunya iki | ana dene umbul-umbul | tetiga tinulisan | sawiji tulisneki | pan tinulis bismillah sahatamira ||
  14. || Kang sawiji tinulisan | patehah alhamdulillahi rabbil ngalamina | lan sawijine malih | iya sami tinulis | lailahailallahu | Muhammad Rasulullah | ing dalem umbul sawiji | apan iya lakune sewu warsa ||
  15. || Gusti Allah angandika | maring malaikat Mukarabin | sebalanira malaikat | padha kinen anjajari | ana ing turut margi | kang den ambah kasih ingsun | mulya malaikat sekawan ||
  16. || Dadi bingung malaikat | tan bisa anegeri | kuburipun | katrima panuwunira | nulya ana cahya kaesi | kadi selaka mancuring sundhul ngawiyat ||
  17. || Marek malaikat sekawan | ing kubure kangjeng nabi | pan sarwi dadi diniya | kang pantes amungu dhingin | malaikat Jabarail | angering maring Israpil iku | dene Israpil sigra | angering malaikat Mikail | pan Mikail angering maring Ngizrail ||
  18. || Malaikat Ngizrail sigra | amangu maring kangjeng nabi | alerah pamungunira | nanging datan den sauri | anulya maring Israpil | sigra Israpil mangu | abah ingkang kuburan | anulya minungu malih | apan sigra kuburan anulya sumilak ||
  19. || Israpil mangu ping tiga | nulya lenggah kangjeng nabi | ing luhure kuburan | angusapi kangjeng nabi | lebu kang aning luhiyat | miwah kang ana ing raksu | sarwi ninggali mangetan | mangalor mangidul magrib | datan ana gunung miwah sekeh wisma ||
  20. || Lawan malih data nana | ing masjid Madinah iki | miwah menaranira | ngandika kangjeng nabi | apa ta pagene iki | data nana uwong-uwong | apa ta liya-liya | iku wus kiyamat | sampun sikek punika sampun dina wekasan ||

PUPUH XII ASMARADANA

  1. || Sampun miarsa ing hadist | caritane Nabi Adam | pinarak aning ibare | sarta tunggulira binabar | akumpul kang wadya bala | andedonga ing Yang Agung | kelangkung maras sedaya ||
  2. || Sekathahe ingkang ngungsi | anangis anedha supangat | amelas asih ature | Gusti Jeng Nabi Adam | tuwan leluhur kawula | anedha tulung amba nuhun | tebihna api neraka ||
  3. || Sedaya samya anangis | Nabi Adam angandika | anak putu ingsun kabeh | ingsun pan nora kaduga | atetulung maring sira | ature mahluk sedarum | dene wau kinasihan ||
  4. || Iya bener sira kaki | dhingin ingsun kinasihan | dene Pangeran sajatine | tanapi anandhang wiring | ana dene nrajang awisan | adhahar kuldi puniku | dadi benduning Pangeran ||
  5. || Balik ingsun tutur bae | angungsia den inggal | ing Nabi Enuh na mane | iya iku ingkang kinasihan | dadi dutane Pangeran | ing kana anggenipun | anulya mangkat sedaya ||
  6. || Neraka aksih atut wingking | lampahe mahluk sedaya | kelangkung tebih pernahe | eletipun sewu warsa | maring Nabi adam | sekelangkung padhangipun | selama-lama rahina ||@@
  7. || Kawarnaan pan sampun prapti | ing ngarsane Nabi Enuh ika | akumpul wadya balane | pinarak aning mimbar | tunggulipun binabar | sineba ing umatipun | kagyat praptane kang manusa ||
  8. || Sekathahe kang angungsi | den bujung api neraka | umyeng gumuruh suwarane | Nabi Enuh angandika | dhumateng maring balane | aja obah sireku | anedhaha ing Pangeran ||
  9. || Sedaya pan sami prapti | ature sarwi karuna | adhuh Gusti kkawula angger | anedha tulung tuwan | tebihena ing neraka | andika kasihe Yang Agung | lan malih kang kinarya duta ||
  10. || Anedha pitulung kawula gusti | ature mahluk sedaya | amelas asih ature | ingsun dhingin kinasihan | maring Allah Pangeran | samangke kawula iku | tanapi anandhang wiring ||
  11. || Jeneng ingsun duk rumiyin | urip ana ngalam dunya | duk ngelam umat kabeh | sanget ingsun anedha | slamet awakingwang | tur janji saking Yang Agung | selamet anak ingwang ||
  12. || Anging ingsun durung uning | maring si kapir kanengan | sabab dadine bendune | dene asih ing kanengan | dadine ta punika | anulya sanget tubat ingsun | angrasa anandhang wiring ||
  13. || Balik sira sun turuti | anuruta dipun inggal | angungsi sira kabeh | ing Nabi Ibrahim ika | denaken sanaking Allah | tinarima pujinipun | dhumateng Pangeran kang mulya ||
  14. || Ngungsia sira denaglis | ing Nabi Ibrahim ika | ing erah kana pernahe | anulya mangkat sedaya | neraka maksih tut wuntat | tan kari tengaranipun | sampun prapta ing ngayunan ||
  15. || Kawarta Nabi Ibrahim | pinaraka aning mimbar | sarta binabar tunggulu | akumpul dadi sapantha | sahabat kawula warga | kagyat sedaya puniku | ungele api neraka ||
  16. || Ungele manusa ngungsi | ejin iblis lawan syethan | dhumateng bala sedaya | aja na bubar sira iku | anedhaha ing Pangeran ||
  17. || Kang sami prapta anangis | ature anedha supangat | kawula nedha tulung angger | Nabi Ibrahim angandika | ingsun pan nora kaduga | atetulung ing sira iku | sabab ingsun anandhang wiring ||
  18. || Iya dhingin kinasihan ugi | dening Pangeran Kang Mulya | mila sinung coba ingong | dumeh asih kalintang | anembeleh anakingwang | kasil suda bektinipun | awak ingsun saking ngadat ||
  19. || Mila sanget tobat mami | sabab ingsun nandhang wiring | balik ingsun tuduh bae | inggal sira angungsia | ingkang nama Nabi Musa | kinasihan ing Yang Agung | pan ingaken kalamullah ||
  20. || Mangkata sira denaglis | angungsi Nabi Musa | erah kana pernahe | api neraka tut wuntat | tan kari separanira | sewu warsa tebihipun | warnanen pan sampun prapta ||
  21. || Nabi Musa wus kepanggih | pinarak aning ing mimbar | sarta binabar tunggule | akumpul dadi sapantha | sahabat kawula warga | kagyat kang umat sedarum | ing ungele api neraka | kang kecandhak dipun mangsa | wus prapta ing ngarsanipun | ature kawelas asih ||
  22. || Autre sarwi anangis | adhuh gustika Nabi Musa | kawula nuwun pitulungan angger | ampena duhaken api neraka | Nabi Musa angandika | pan nora kuwasa ingsun | atulung maring sira ||
  23. || Milane nora kuwasa mami | sabab ingsun nandhang wiring | amateni kapir kabeh | kasilep aning segara | kaum kalebet sedaya | Raja Pirangon ratunipun | ing Mesir ingakang Negara ||
  24. || Amateni kaum pra sami | ingsun duk aning dunya | mila sanget tobat ingong | ngerasa anandhang wiring | maring Pangeran Kang Mulya | ya balik ingsun usung tuduh engungsiya Ngabi Ngisa ||
  25. || Playane kepati-pati | lampahe kalunta-lunta | sewu warsa ing lamine | warnanen pan sampun prapta | ing ngarsane Nabi | pinarak ing mimbar sampun | sarta tunggule binabar ||
  26. || Sampun kumpul sebalaneki | sahabat kawula warga | miarsa maras manahe | ungele api neraka | miwah mahluk sedaya | kang sami ngungsi gumuruh | kelangkung ajrih sedaya ||
  27. || Nabi Ngisa nulya angling | ajana bubar sedaya | anedhaha sihing Yang Manon | warnanen anulya prapta | ing ngarsane Nabi Ngisa | ature amelas ayun | tan pegat denya karuna ||
  28. || Kelangkung angasih-asih | adhuh gusti Nabi Ngisa | pan nora kaduga ingsun | sebab anandhang wiring ||
  29. || Iya ingsun kala ing dhingi | duk urip ana ing dunya | sekehe kaum ingsun | ingaranan putrane Allah ||
  30. || Pangandikane kang Mahasuci | tetkala akuwirang | balik ingsun tuduh bae | angungsi Nabi Muhammad | nabi pinilih punika | dene Pangeran iku | sartane kinarya duta ||
  31. || Punika Nabi kekasih | sapujine tinarima | tur data nana sisipe | den inggal sira mangkata | erah pernahe kana | aja sakabeh iku | pan angsal pitulunge Allah ||
  32. || Anulya mangkat aglis | syetan ejim lawan manusa | neraka ambujung bae | tan kari separanira | warnanen pan sampun prapta | ing ngarsane kangjeng rasul | akumpul wadyabala ||
  33. || Pinarak ing mimbar wilis | sarta tunggule binabar | sineba kawula wargane | sahabat sewu punika akumpul segolonganira | cinarita langkung agung | balane jeng rasulullah ||
  34. || Kagyat maras ingkang ati | ungele api neraka | ungele mahluk iku kabeh | kanjeng nabi angandika | dhumateng kang wadyabala | padha eca sira iku | tekane api neraka ||
  35. || Lah aja sira kuwatir | pan ingsun kang kinaridhan | dene karsane Allah mangke | pan ingsun kinen cekela | kangjeng nabi lumampah | sujud ing ngarsane sampun | obah karsane punika ||
  36. || Obahe kursi puniki | tandhane yen kinaridhan | nulya tindak anyepeng rante | punika kang kinarya nancang | gulune neraka | kagyat nulya ajumbul | kangjeng nabi angandika ||
  37. || Menawa sira den aglis | miraos api neraka | manira manggih tembene | manusa kelangkung kuwat | tan kuwat manira obah | angandika kangjeng rasul | kuwat karsane Pangeran ||
  38. || Neraka ature aririh | sampeyan tiyang punapa | kangjeng nabi pangandikane | jenengku Nabi Muhammad | lawan jeneng nabi duta | kinaridhan ingkang agung | anyekel marang ing sira ||
  39. || Neraka anulya ajrih | sabab sampun du king kuna | ing wau caritane | yen Gusti Nabi Muhammad | kelangkung kinasihan | neraka anutut sampun | kanjeng nabi angandika ||
  40. || Aja sira buru maneh | agawe mesakat | dhateng ejim manusa kabeh | aja gawe sorang-sorangan | mukane teka sira | amburu umat ingsun | ature api neraka ||
  41. || Sampun janjine kang Mahasuci | mangsane dina kiyamat | amba kinen ngukum kabeh | selathane kang duraka | kang …………. ||
  42. || Angandika kangjeng nabi | uwis sira marenana | aja sira buru maneh | pan wis janjine Pangeran | sabab kapir lan Islam | yen wus teka ing mangsanipun | tegakena maring sira ||
  43. || Lah sira nuruta ugi | ing mangke sira sun gawa | maring ngarsane Allah mangke | ature api neraka | inggih dhateng sandika | anulya binekta sampun | maring ing ngarso Pangeran ||@@
  44. || Nabi Muhammad wus prapti | asujud tengahe ngarsa | sampun katrima ing sujude | angandika sang Mahamulya | iy sira sun trima | pernahena iku neraka | ana ing kiwane ngaras iku | suwarga tengene ngaras ||
  45. || Caritane wonten ing hadist | api neraka punika | sareng pernah ing enggone | anulya dadi ika | ageng warna tiyang kuna | tetkala tekane iku | rupa kadi satu kewan ||
  46. || Agenge angalangkungi | metu kadi du king kuna | anenggih pepitu lawange | rumihin lawang jahanam | ping kalih lawang huwiyat | lawang shuyat kaping telu | lawang jahim ping sekawan ||
  47. || Kaping limane puniki | lawang neraka hatamah | lawang ingkang kaping neme | neraka saqir punika | lawang malih kawarnaa | lawang ingkang kaping pitu | dhumateng saqir neraka ||
  48. || Mungguh kitab insane kamil | sanese kalawan punika | jahanam kang rumihin | ping kalih saqir punika | neraka kang kaping tiga | huwiyat sekawan winuwus | hatamah ingkang kaping lima ||
  49. || Ping nenem neraka jahim | ping pitu neraka pil ika | lan malih wonten sanese | mungguh carita ing kitab | madinil maklumi ika | neraka pil puniku | sinadhing neraka jahanam ||
  50. || Ciunarita wonten ing hadist | sesampunira mangkana | uwot sirathal pinasang mangku | aning luhure neraka | ingkang kapitu ika | karsane kang Maha Agung | aning luhure neraka ||
  51. || Panjange uwot puniki | den kinten-kinten kiwala | lamine lelampahane | dhateng tigang ewu warsa | eluke uwot punika | tigang elukipun | kang saeluk sewu warsa ||
  52. || Umpamane lamun den wilis | tetepe ora den wilang | tan ana rina dalune | apadhang selaminira | kelangkung lembut tur sirathal | yen tinimbang lan rema iku | langkung landhep saking pedhang ||
  53. || Lan wonten pepitu malih | pitakone uwot sirathal | bab iman kang rumiyin | kaping kalih bab salat | kaping tigane siyam | sekawan ping laminipun | winastan bab zakat ||
  54. || Kaping limane munggah haji | kaping nem bab jinabat | hedh wiladah manggen | sabab lawang kang satunggal | kang samya benere ika | lan lawang neraka iku | benere sanunggal-nunggal ||
  55. || Sampun masyhur ring hadist | Pangeran nulya ngandika | lah kalam sira den inggal | sun kon nulisi sedaya | sakathahe karsaningwang | kang awal lan kang akhir iku | manglumat ingsun sedaya ||
  56. || Kalam nulya matur aris | inggih sampun kelampahan | sakarsa tuwan ingsine | sekathane kang gumelar | kawula serat sedaya | lan karsa tuwan kang dhawuh | dhateng anak putu Adam ||
  57. || Hukum tuwan ingkang pesthi | parintah sampun sedaya | ing Nabi kang satunggale | sedasa maring Adam | Nabi Syis skeet kitab | ing Nabi Idris puniku | nenggih kitab tigang dasa ||
  58. || Lan kitab sedasa malih | maring Nabi Ibrahim ika | Nabi Musa kitab Taurore | kitab Injil Nabi Ngisa | dhateng jeng Nabi Muhammad | kitab Kuran westanipun | sarta lawan karsa tuwan ||
  59. || Lan malih kalimah tauhid | kang pesthi ing kitab sedasa | kang boten wonten kantune | lan malihe haji tuwan | sababe kitab kang sinurat | sing sapa bekti marang ingsun | sun panjingaken ing suwarga ||
  60. || Kang duraka maring mami | sun panjingaken neraka | tan kari lawan kitabe | pangandikane Pangeran | lah mangkuna pirengena | tetep kabeh iku | gapuh ature sang Kalam ||

PUPUH XIII K I N A N T H I

  1. || Tulise kapir sedarum | den elungaken tumuli | ing tangane ikut sedaya | abuhara wingking gigir | annuli butul ika | tangane kiwa ing gigir ||
  2. || Tulise mukmin sedarum | den elungaken tumuli | tangane tengen ika | ngamal dosa ngamal bekti | yen lamun kedhik ngamalnya | sun panjingaken yomani ||
  3. || Sawuse manjing sedarum | wong iku aning neraka wingit | lajeng manjing ing suwarga | lamun abot ngamal bekti | lajeng manjing ing suwarga | alanggeng eca wong puniki ||
  4. || Sekehe wong mukmin iku | tan adus junib ing mangke | benjang yen nguwot sirathal | kalane sanpun angemasi | dhumateng lawan jinabat | tibeng neraka wong iki ||
  5. || Wong mukmin sedarum | kang ora siyam ing mangkel | benjang yen nguwot sirathal | lamun wong iku ngemasi | lawang siyam punika | tibeng neraka wong iki ||
  6. || Manusa mukmin sedarum | kang ora zakat ing mangke | benjang yen ngambah wot sirathal | kalane sampun ngemasi | ing lawang zakat punika | tibeng neraka wong iki ||
  7. || Sekehe wong mukmin sedarum | kalane sira ngemasi | ing haji lawang punika | tebeng neraka wong iki ||
  8. || Sekehe wong mukmin iku | yen ora adus junub ing mangke | benjang yen ngambah wot sirathal | kalane benjang ngemasi | ing lawang jinabat ika | tibeng neraka geni ||
  9. || Sabab wong mukmin iku | kang ora adus hedh ing mangka | benjang yen ngambah wot sirathal | kalane sira ngemasi | ing lawang hedh punika | tibeng neraka wong puniki ||@@
  10. || Lan ora adus wiladah iku | kelawan napas puniki | benjang yen ngambah wot sirathal | kalane sira ngemasi | ing lawang nipas wiladah | atibeng neraka wong iki ||
  11. || Sekehe wong mukmin iku | kang boten sami ngabekti | dhumateng ing bapa biyung | kalane ing dunya iki | ora sah salate | ing neraka sarta manjing ||
  12. || Sabab wong mukmin  sedarum | akambah warnane iki | kalane sami angambah | dhumateng wot sirathal iki | ana alon ana kebat | kebate kadya thathit ||
  13. || Wonten wong mukmin winuwus | ora zakat ora haji | ora perang sabilullah | sabab sanget nistha pekir | atanapi amaca syahadat | salat kelawan dzikir ||
  14. || Lan malih bekti puniku | ing bapa biyunge iki | lan ora anginum arak | lan ora zina iki | lan ora mejahi tiyang | kang sami Islam iki ||
  15. || Dosane agung alit iku | sedaya dipun tebihi | siyam sunat saben dina | salat tahjud saben wengi | lan asih wong mukmin sedaya | sami asih ing dhiri ||
  16. || Sareng tangi saking kubur | suwarga nulya sumandhing | lan dhodhok-dhodhok lawang suwarga | Malaikat Jabarail | amethuk tiyang puniuka | anulya wiraos aglis ||
  17. || Nulya matur manusa iku | dhumateng ing Jabarail | kadi pundi jasad kawula | dene eca ing suwargi | boten manggih sakit pisan | lajeng eca awak mami ||
  18. || Dene kawula rumuhun | mulane ing dunya dhihin | amadhanget ing carita | saking Kuran saking nabi | kelangkung skeet suwiyah | kelangkung lami puniki ||
  19. || Kelangkung tebih puniku | saking kuburan iki | dhumateng ing suwarga | lawan pitung leksa warsi | dene kawula langkung rikat | dhumateng suwarga adi ||
  20. || Jabarail ngandika sampun | milane dika puniki | nulya manjing ing suwarga | pan sampun dika lampahi | adhem panas perih ing dunya | sedaya dika lampahi ||
  21. || Jabarail ngandika sedarum | dika salat sarwi dzikir | manusa sami sukan-sukan | dika tobat sarwi anangis | manusa sami dhaharan | dika siyam sarwi anangis ||
  22. || Milane dika puniku | inggal dhumateng mriki | langkung sakit aning dunya | sabar sukuran brangti | atawakel ridha ing Allah | anerima rizki kedhik ||
  23. || Wonten carita winuwus | angsal saking kangjeng nabi | ing benjang dina kiyamat | sekathane masjid iki | dentukaken punika | kadi ordain kathahneki ||
  24. || Aradin sedaya iku | saking inten pethak adi | suwiwinipun punika | jumrut inten ijem adi | elaripun suteadiwangga | lawan sutra alus adi ||
  25. || Kang sami adan sedarum | anitih ing sirahneki | lan kang sami dadi iman | anitih buntut ing wuri | kang sami nitih sedaya | anitih ana ing gigir ||
  26. || Anulya miner sedarum | aning luhure wot sirathal iki | kadi upamane mega | katut miber dening angin | kang ana ing ngawang-awang | kebate ibere iki ||
  27. || Sing sapa siyam uwong iku | sedaya dina puniki | ing sasi Rejeb punika | sinung inten elare adi | nalika ngambah wot sirathal | kebat ibere lir thathit ||

PUPUH XIV DHANDHANGGULA

  1. || Kang wiraos ing dalem puniki | wong tetiga kang mukmin sedaya | ngambah wot sirathal lampahe | tur sareng lampahipun | kawarnaa ingkang satunggil | bektinipun ing dunya | rasa dzikir iku | satunggal malih kang kocapa | bektinipun kala aning dunya iki | Senen Kamis asiyam ||
  2. || Kawarnaa kang satunggal malih | bektinipun kala aning dunya | rosa maca Kuran mangke | sareng tamat iku | tigang dasa jiz puniki | apike ing wewaosan | ing Kuran puniku | amiraos kang satunggal | ingkang rosa siyam Senen Kamis | dhateng kancane sedaya ||@@
  3. || Sanak kanca dipun ngati-ati | sami dipun prayitna sedaya | dika lumampah uwot sirathal mangke | kerana uwot puniku | boten panten angguneki | menawi dika tiba | aning neraka agung | amiraos kang satunggal | ingkang rosa dzikir ing dunya iki | kawula datan amirsa||
  4. || Mila kawula boten mirsa aningali | lamun ngambah dhumateng uwot sirathal | katinggal langkung angenge | ingkang satunggal amuwus | ingkang rosa ing dunya iki | amaos Kuran sedaya | sareng tamat iku | punika anulya angucap | dening kawula boten aningali | dhumateng uwot sirathal ||
  5. || Wonten ingkang amiraos malih | dhumateng sekathane wong ngalim sedaya | nalika aning dunyane | ngilmu sedaya iku | mapan maksih dipun lampahi | ganjarane | ing akherat iku | dating ngambah wot sirathal | lan malihe mapan boten aningali | wau ing uwot sirathal ||
  6. || Wonten malih caritane ing tulis | lamun ngambah saluhure wot sirathal | kadi kilat wau kebate | sabab ing dunya iku | saben Ahad punika muji | amaos isya anjalna | ping tiga puniku | saderenge turu ika | sawuse turu iki nenggih tunggal papat ||

PUPUH XV S  I  N  O  M

  1. || Sedaya sami miarsa | sepuh anem jalu estri | sami luwe kasatan | seksana nulya amanggih |telaga isi warih | anenggih telaga puniku | lelampahe sewu warsa | jembare telaga iki | tiningalan saking telaga kalkosyar ||
  2. || Sedaya pan ngunjuk toya | kang wonten kadi cumawis | kendhi sawi langane lintang | kang aning ngandhap iki | toyanipun aputih | langkung manis saking madu | gandane amrik angambar | sekehe wong leng-leng aningali | ingkang ngunjuk lupine ical sedaya ||
  3. || Lare ejim lare manusa | tan kenging sakit prihatin | senajan kapir bapa biyung | Cina Welanda wong Bali | kang pejah maksih alit | sedaya sederenge baleg iku | pan dadi puniku angawula | maring Yang Kang Mahasuci | langkung suka manahe lare sedaya ||
  4. || Sami asiram telaga | sepuh anem jalu estri | ical sakite sedaya | waluya anom apekik | kadi emas sinangling | datan wonten celanipun | lajeng cahyane gumilang | baguse anglangkungi | padhangipun kadya cahyane rembulan ||
  5. || Apan kadi cahyane rembulan | nalika purnama sidik | idzkala mangka angandika | sapa wau kanjeng nabi | sing sapa amiarsa malih | lailahailallahu iku | anulya permana sidik ika | anulya Allah aris | agadhah parintah nulya dhawuhana ||

PUPUH XVI KINANTHI

  1. || Dhateng malaikat iku | pitung leksa kathaneki | kang kinon sami angarak dhateng wong iki | nalika manjing | kelawan sihing Kang Suci ||
  2. || Kitab Daka amitutur | sedaya tetiyang mukmin | sampun ngambah wot sirathal | anulya siram tumuli | ing telaga maradika | ing kene siram wong iki ||
  3. || Nulya murub cahyanipun | lir wulan purnama sidik | anulya ngunjuk toya ing kendhi ika | sampun eca manahe iki | anulya ngunjuk sedaya | dhumateng lawang suwargi ||
  4. || Sami ambagekaken sedarum | katurun sampeyan Gusti | kelangkung brangta ingwang | dhateng sampeyan Sang Aji | kelangkung ngarsa-arsa | serawuhe sampeyan Gusti ||
  5. || Suwawi kawula aturi puniku | malebet ing dalem puri | kawula darma katitipan | sampeyan kang andarbeni | senajan raga kawula | sampeyan kang andarbeni ||
  6. || Sampun malebet suwang ratu | acanthi lan widadari | ing dalem wisma suwarga | anenggih wismane pribadi | wisma kang alit punika | sangalam dunya puniki ||
  7. || Kitab satus apitutur | lampahe sang nata aji | langkung suka jajagedan | lampahe sang para aji | pan sarwi kelanthen asta | lawan para widadari ||
  8. Caritane Kitab Daka iku | kekayon suwarga binjing | pucukipun aning ngandhap | barang tinilar aning nginggil | nalika katut kanginan | pada muni kadi riris ||
  9. || Lamun kekayon kencana iku | godhonge selaka putih | lamun uwit selaka pethak | godhonge kencana adi | kuweni nangka lan duren | kepudhung langsep lan manggis ||
  10. || Ambane lawang puniki | lelampahan sangang warsi | luhure lawang suwarga | kathahe lawang puniki | pepitu lawang punika | apan iku kang luwih adi ||
  11. || Lawang jaba puniku | dhumateng lawang kekalih | anenggih limang atus warsa | saking kori kaping kalih | dhumateng lawang ping tiga | lelampahan gangsal atus warsa ||
  12. || Saking lawang kaping tiga iku | dhumateng kaping pat malih | tunggal gangsal atus warsa | lawang cinarita malih | saking lawang kaping sekawan | miwah ping limane iki ||
  13. || Lelampahan tunggal puniku | gangsal atus warsa nenggih | saking kori kaping lima | maring kaping nem iki | tunggal gangsal atus warsa | saking kori ping nem iki ||
  14. || Saking kaping nem puniku | saking pitune malih | tunggal lawang gangsal atus warsa | saking kori ingkang jawi | dhumateng ing plataran | langkung tigang atus warsi ||
  15. || Elete dalem puniku | anenggih sakurebe langit | lawan salumahe jagat | kang den kandha kembange iki | pagere pepitu ika | sedaya pan luwih adi ||

PUPUH XVII S  I  N  O  M

  1. || Wonten pandhita ngandika | makdinil maklum puniki | elete dalem suwarga | sangalam dunya puniki | yata emas kang kinardi | selaka pepayanipun | kitab Daka acarita || pagere dalem suwargi | lapis pitu kembange awarna-warna || @@
  2. || Pagere ing jawi apelak | selaka ingkang kinardi | pagere ping kalih kencana | kinarya pinggire | kaping tiganeki | anenggih jene puniku | maring pagere ping sekawan | sasatya kang luwih adi | kaping lima pagere kang luwih mulya ||
  3. || Pager kaping nem kocapa | inten jumanten kinardi | kaping pitu pagere cahya | gumilang-gilang cahyane esri | bebaturipun jeni | kelawan selaka puniku | kerikilipun sasutya | lan mirah retna widuri | pepethetan kebon emas lan selaka ||
  4. || Wonten ing dalem suwarga | kaliyan lan widadari | carita saking Kuran | surah Baka kang warti | kadarbe sang nata mukmin | aning suwarga iku | kaliyan para garwa | kang sinucekaken bekti | saking putrid boten kersa sedaya ||
  5. || Sabab wong mukmin satunggal | dadi ratu sedayeki | surat wakingah acarita | pinarak sang nata mukmin | atas aning luhure kandhil | kang tatanan bagus-bagus | lane man kencana | kalawan sasutya adi | kang kinarya tatanan kandhil punika ||
  6. || Hale sami leleyahan | sekathahe sang nata mukmin | aning ing kandhil kencana | pan sami jajar alinggih | arsa angoras pipi | kelawan kang garwanipun | langsung suka ing manah | sang nata lawan sang putrid | ageguyon sekehe para garwa ||
  7. || Angambung wau sang nata | garwa sami angladeni | tan tebih kang punakawan | ingkang angladeni bukti | atas lare cilik | jalu estri warnanipun | tan megat ageng sepah | sekathahe lare cilik | wrananira sami ngambil inggal-inggal ||
  8. || Pan samya ngambil wewedhah | lawan pring cilik-cilik | para ayu tan ngunjuk toya | sajeng mila kadya warik | saengga sumberan mili | dhateng wonten kendelipun | yata sajeng sedaya | selama-lama dumadi | datan weruh kang ngunjuk sejeng sedaya ||
  9. || Tumrap dhumateng sang nata | pangunjuke sajeng iki | amantun icale angelak | boten kantuk sajeng maling | ingkang nginum iki | sajeng ing dunya puniku | sami wuru sedaya | sami pusing anyakiti | malah supe dhumateng purwa duksina ||
  10. || Lan pinten kinten wuwuhana | nyaosana sang nata mukmin | sasenengan sedaya | saben-saben nulya amanggih | lan cinarita malih | duking karsata puniku | sapraptane adhahar | sedaya sampun cumawis | sekarane datan wonten malang-malanga ||
  11. || Kalangenan ing suwarga | tan kena ing nguthik-ngutik | angandhika Gusti Allah | eh sakehe mukmin | kang ana ing suwarga | padha enakna mapan lan turu | kangjeng rasul matur sigra | inggih Gusti Pangeran mami | ingkang karya sekehe suwarga neraka ||

Sampun tamat caritane kabar kiyamat punika.

@@@

Sumber :

Gouw-eigendom Bebuka : Kabar Kiamat, Afschriften naar een kropak van het Bataviaan Genootschap van K en W (voorlopig no. 369) gedeelte. En vooinen van een overzicht van den inhoud dag Raden Pandji Soerjawidjaja, Batavia 1867.

Terjemahan :

Milik pribadi Pembukaan : Kabar Kiamat, Naskah ini disalin dari sebuah kropak milik Bataviaas genootschap van Kuncten en Wetenschappen  (nomor sementara 369), dan ikhtisar dari isi naskah ini disampaikan oelh Raden Pandji Soerjwidjaja, di Batavia, tahun 1867.

Sumber: alangalangkumitir.wordpress.com/

About admin

Check Also

Legenda Sawerigading: Riwayat Gempa dan Tsunami di Lembah Palu

Konon, Sawerigading hampir menikahi Ratu Sigi, namun batal karena terjadi gempa bumi. Hati Sawerigading sedang ...